Cari Lirik Lagu / Search Lyrics

Cari Lirik Berdasarkan Abjad / Search Alphabetically

A B C D E G H I J K L M N O P R S T U W Y

Lirik Lagu Nunut Ngeyup

Lirik / Syair Lagu
Nunut Ngeyup


Nunut Ngeyup kulo nunut ngeyup
Udan lali ra nggowo payung
Teng tritis kulo nggih purun
Teng emper kulo nggih purun
Sak derenge matur nuwun


Nunut leren kulo nunut leren
Anjeng mantuk sampun kewengen
Udane ra leren-leren
Banyune netes neng gendeng
Leren kulo nunut leren


Langite peteng ndedet
Howone adem banget
Mbok kulo dijak mlebet
Kersane tambah anget

lirikcampursarinan.blogspot.com
Semarang kaline banjir arep nyabrang wedi kintir
Nopo kulo angsal mampir kentongan ampun dititir
Kali cilik niku kalen jaman cilik konco langen
Nopo sampeyan kesupen kulo bade nderek leren.

Lirik Lagu Sopo Sing Marahi

Lirik Lagu / Syair
Sopo Sing Marahi


Pa:
Yen malem minggu kowe mesthi dandan ayu
Mboh ora ngerti kowe mesthi mulih wengi
Aku wong lanang aja mung dianggep gampang
Ja mentang-mentang wong wadon kok golek menang


Pi:
Mas tak kandhani jane sapa sing marahi
Aku mung meneng nanging kowe ora ngerti
Yen aku lunga nanging ora neka neka
Atiku anyel aku dolan nggone kanca


Pa:
E e alah Gusti wong wis salah kok isih nyauri
Apa wis ora ngerti wong wadon kok dolan wengi 
 lirikcampursarinan.blogspot.com


Pi:
Mas mas aja duka mas aku lunga ora apa-apa
Yen pancen luput aku nyuwun pangapura


Pa:
Mula saiki ayo padha ngati-ati
Ja padha nganti pasulayan rina wengi
Tak suwun bisa urip tentrem lan raharja
Urip neng donya ora luput sambikala

Lirik Lagu Pak Rebo

Lirik / Syair Lagu
Pak Rebo


Pak Rebo e e e pak Rebo
Pak Rebo laire dina Kemis
Yen Setu dodolan neng pasar Senen
Slasa Jumat mulih neng pasar Minggu


Ja ngono aja ngono
Ja ngono dadi wong aja lamis
Neng ngarep mesem mantep sajak gelem
Neng mburine ngelek-elek ra karuan


E tuku piring duwite pas-pasan
E sing dha eling urip mung sepisan


Pak Rebo e e e pak Rebo
Pak Rebo laire dina Kemis
Yen Setu dodolan neng pasar Senen
Slasa Jumat mulih neng pasar Minggu 
 lirikcampursarinan.blogspot.com


Randha pindho randha ping pindho
Randha pindho aja sok ngaku gadis
Yen lanang nduwe putu ngaku jaka
Neng ndonyane edan rak uwis-uwis


Pak Rebo e e e pak Rebo
Pak Rebo laire dina Kemis
Yen Setu dodolan neng pasar Senen
Slasa Jumat mulih neng pasar Minggu


Duwitmu omahmu bandhamu ora bakal melu
Yen uwis tekan titi wanci kadonyan ora bakal ana tegese

Lirik Lagu Lara Branta

Lirik / Syair Lagu
Lara Branta


Yen kelingan mring sliramu adhuh kaya rinujud atiku
Yen siyang tansah katon malelo dalu datan bisa nendra
Apa sira uwis lali tenan ndek semana nate janji
Nedya arep urip bebarengan bungah susah dilakoni 
 lirikcampursarinan.blogspot.com

Nanging aku ora ngira yen sliramu bakal cidra
Bareng saiki wis mulya banjur krama ora nganggo kandha kandha
Wis pesthine lelakonku adhuh aku mung kudu narima
Sapa kang bisa paring usada nggonku nandang lara branta

Lirik Lagu Klinci Ucul

Lirik / Syair Lagu
Klinci Ucul


Bawa Gambuh:
Adhuh klinciku ucul
Mangka iku dadi katresnanku
Ngalor ngidul tepung gelang mung kecelik
Saiba bungah rasaku
Yen mulih bakal tak pondhong


Langgam:
Ngubengi kutha sak teruse ing desa desa
Marga aku anggoleki sing tak tresnani klinciku ucul
Lunga mangetan Surabaya terus nyang Bali
Mangulon lunga nyang Bandung ora ketemu
Terus aku nyang Jakarta 
 lirikcampursarinan.blogspot.com


Jebul ora ketemu adhuh klinciku aja mbeda aku
Terus bali nyang Semarang klinciku wus ana ing kandhang
Lha jebulane grusa-grusu keburu napsu
Wekasane montang-manting ragate akeh
Aku dhewe sing kebanting

Lirik Lagu Kuwi Apa Kuwi

Lirik / Syair Lagu
Kuwi Apa Kuwi


Pi:
Kuwi apa kuwi e kembang melati
Sing tak puja-puji aja dha korupsi
Merga korupsi negarane rugi
Piye mas piye aja ngona ngono-ngono kuwi


Pa:
Kuwi apa kuwi e kembange menur
Sing tak puja-puji mbo ya padha jujur
Amarga nek jujur negarane makmur
Piye dhik piye iya ngona ngono-ngono kuwi


Pi:
Kuwi apa kuwi e kembange waru
Sing tak puja-puji ayo dha bersatu
Merga yen bersatu negarane maju
Piye mas piye alah ngona ngono-ngono kuwi
 lirikcampursarinan.blogspot.com

Kuwi apa kuwi e kembange melati
Sing tak puja-puji aja dha korupsi
Merga yen korupsi negarane rugi
Piye mas piye aja ngona ngono-ngono kuwi


Pa:
Kuwi apa kuwi e kembange turi
Sing tak puja-puji kudu dha memeti
Amurih lestari kabudayan jawi
Piye dhik piye alah ngona ngono-ngono kuwi

Lirik Lagu Jandaku

Lirik / Syair Lagu
Jandaku


(merga pepisahan iki,
jawaban rasa kuciwa lamun gela sak jroning rasa,
pepisaan amarga kuciwa)


Amarga lara atiku ra sabar anggonku nunggu
Amarga lara atiku ra sabar anggonku nunggu
Tansah tak elingke sliramu ra kesusu ora enggal nesu
Tansah tak elingke sliramu ra kesusu ora enggal cemburu 
 lirikcampursarinan.blogspot.com


Anakku melu nyang aku
Mung tansah kangen sliramu
Tansah krasa ing atiku yen lagi takon sliramu
Najan benci sak jroning ati
Aja lali nyang putra kang siji
Welingku wahai jandaku pancen kabeh wis bacut ngene 2x
Aja banget anggonmu nelangsa mundhak atiku keranta-ranta

Lirik Lagu Ketar Ketir

Ketar Ketir


Laguku ngelingake naliko aku
Ngeterke sliramu cah ayu
Ketar ketir aku tansah ketar ketir
Yen tak pikir aku koyo tanpo senter
Kelap kelip mobat mabit
Yen lagi keterak angin sing semribit 
 lirikcampursarinan.blogspot.com
Dik aku gelo sliramu tak tresnani jebul mentolo
Dek sliramu arep pamit lungo
Jruning ati rasane keloro loro
Najan tak penggak tetep ora biso
Yen tak gagas lungamu jor golek opo
Tak enteni nganti besok putih rambutku

Lirik Lagu Jaranan

Lirik / Syair Lagu
Jaranan


Jaranan nganggo klambi abang
Wong wis tuwo katik nunggang papah gedhang
Aduh lae mbok yo golek dalan padang
Ngelingono uripmu podho klambrangan


Jaranan mangan beling wedi
Mlebu warung kathik pesen wedang kopi
Bakul ayu terus dicedhaki
Bareng mbayar reko reko dadi


Gibag gibig gibag gibig
Wong wis tuwo ojo nggidit
Gedag gedeg gedag gedeg
Bujang rondo natap gedeg


Jatilan si kromo leo
Wong wis tuwo isih koyo joko
Gandrung rondo sing denok deblong
Bareng ditulak sirahe puyeng
 lirikcampursarinan.blogspot.com

Tuku sewek batikan tuban
Wong wis tuwek isih keranjingan
Kasmaran atine bingung
Bocah dolan dithungi penthung


Ojo polah ojo obah
Disorak kathoke bedah
Jegat jegot jegat jegot
Jaran mbandang kolore pedot

Lirik Lagu Gemes

Lirik / Syair Lagu
Gemes


Oh gemes aku
Gemes aku kelingan sliramu
Oh nganyelake
Bola-bali kok mung kuwi pitakone
Oh gemes tenan
Yen ngendika astane melu kluyuran
Oh mangkelake
Durung-durung wis werna-werna kersane
 lirikcampursarinan.blogspot.com


Lo lo lo mengko dhisik
Lo lo lo mundhak ora becik
Lo lo lo jo kesusu
Lo lo lo mundhak digeguyu


Oh gemes aku
Gemes aku yen moco meneh layangmu
Oh mangkelake
Ning jan-jane mung nambahi kangen wae

Lirik Lagu Kangen Rindu

Lirik / Syair Lagu
Kangen Rindu


Kaya ngene duh rasane wong yen lagi nandhang kasmaran
Rina wengi tansah kelingan ing ati
Rasa bungah yen wis tumeka ing janji
Ati susah dadi ayem rasa panas dadi adem
Pethuk sanetra ati wis krasa marem
Ngguya ngguyu mesam mesem ati tentrem
Yen ra ketemu seminggu rasane sewindu 
 lirikcampursarinan.blogspot.com
Rindu kangenku banget mawantu wantu
Kerepe ati tansah pengin cecaketan
Duh wong bagus sumpah mati aku rindu
Apa ra pirsa mas (mbuh ra weruh)
Apa ra pirsa mas (mbuh-mbuh ra ngerti)

Lirik Lagu Hewes Hewes

Lirik / Syair Lagu
Wes Hewes Hewes


Wes hewes hewes
Dikandhani ora ngrewes nganyelke ati
Wes hewes hewes
Ganti klambi langsung bablas tanpo bosa-basi
Wes hewes hewes
Mulur kaya permen karet rak mari-mari
Janjine teka ditunggoni nganti wengi, rak bali-bali
 lirikcampursarinan.blogspot.com


Ja ngono mas aja ngono
Biyen ngono saiki kok ngene
Pipa landa kacang dionceki
Lunga terus sapa ta sing diparani
Ja ngono mas aja ngono
Pipa ledeng aja dithuthuki
Ngakune aku sing ditresnani
Nyatane aku ra tau dikancani

Lirik Lagu Dompet Kulit

Lirik / Syair Lagu
Dompet Kulit


Ngalor ngidul potretmu isih tak kempit
Ngetan ngulon tak simpen neng dompet kulit
Ben ra tales yen udan tak bungkus plastik
Mergo kowe wanita sing paling cantik


Sopo wonge batine sing ora njerit
Kowe malah ninggal lungo tanpo pamit
Tak takokke wong pinter sing komat kamit
Wangsulane jarene digondol demit


Lungo tanpo pamit nuwun sewu amit amit
Mbok yo ojo anggit dumeh ayumu selangit
Lara atiku rasane pating clekit
Bondo entek bojo ucul ucul tanpo pamit
 lirikcampursarinan.blogspot.com

Pengen jajan nganti wis kentekan duwit
Biyen trisno saiki dadi penyakit
Lungo tanpo pamit… mit ora pamit
Wohe manggis bedo isi seje kulit


Lungo tanpo pamit… mit ora pamit
Mbiyen legi saiki kok dadi pahit

Lirik Lagu Aja Neka-Neka

Lirik / Syair Lagu
Aja Neka-Neka


Tekleke kayune nongko wong wis tuwek arep golek opo
Kembang gedhang saupomo ora patut ojo werno-werno
Ono kupu neng tegalan Retno ayu kok isih klametan
Kolang-kaling mbok yo eling yen ra eling awakmu ndak gering
 lirikcampursarinan.blogspot.com


Selembar godonge waru
Sing nyekar rada kemayu pancene kemayu
Aku yen nyawang esemu
Rasane copot jantungku aduh dik copot jantungku
Udan ngriwis ojo dandan
Wong manis dadi pikiran mung dadi pikiran
Sopo sing ora klametan
Sopo sing ora kedanan pancen manis manis tenan


Elinga anak putumu
Ojo mburu ubaling nepsu
Wis ndungkap pathet manyura
Wong wis tuwa aja neka-neka

Lirik Lagu Bebaya Marga

Lirik / Syair Lagu
Bebaya Marga


Malem minggu kutha Sala pancen rame
Abang biru speda motor sak wernane
Pating sliwer kaya padha rebut banter
Nora bener tanpa tandha waton minger


Ja sembrana gatekna tandha ing marga
Dha elinga bebaya kang nggondhol nyawa
Para mudha keh-akehe tanpa duga
Dupeh bisa ora eling mring bebaya
 lirikcampursarinan.blogspot.com


Tumrap para pengemudi apa wae
Dha nindakna lalu lintas praturane
Gambar cumplung njaban kutha wigatekna
Aja mbambung mlebu kutha den elinga


Praturane lalu lintas sak temene
Mamrihake keslametan sapa wae
Mendhak dene yen ta padha nindakake
Negarane tete harja lan tentreme

Lirik Lagu Eling Eling Emut

Lirik / Syair Lagu
Eling Eling Emut


Pa:
Emut eling emut emut
Raos pelem taksih pentil kok rodo kecut
Yahut jempolan nggih yahut
Lencir kuning alah-alh gawe sirah mumet


Pilih cendol nopo dawet yen dirasak-rasakke podho enake
Enak tur nganggo tenanan
Roso penak alah-alah malah dadi tuman
 lirikcampursarinan.blogspot.com

Nganti koyo manuk keno pulut
Kadhung tresno dikapak kapakke manut
Monggo monggo monggo monggo dilanjut
Cinta ini ojo ojo nganti mrucut


Pi:
Jaman lagi susah buat apa susah
Susah it tiada gunanya
Jaman lagi susah buat apa susah
Susah it tiada gunanya

Lirik Lagu Aja Sembrana

Lirik / Syair Lagu
Aja Sembrana


Ampyang gulane jawa ya mas ya
Pilih kacang apa klapa
Dadi wong lanang mbok aja sembrana
Aja sembrana


Glali jenange gula ya mas ya
Wong lali ora rumangsa
Sarwa-sarwi ngguyokake tingkahe
Suwe-suwe kok mangkelake


Adhuk dhik aku sing kleru
Aja dadi atimu
Durung-durung kowe wis nesu
Neng kali nggawa pancingan
Wong lali ora kelingan
Wong lali ora kelingan
 lirikcampursarinan.blogspot.com


Adhuh dhik aku sing luput
Ja pijer prengat-prengut
Wong ayu dadi semrawut
Sosor bebek disosor meri
Salahku dhewek mohon disori
Besuk-besuk nggak lagi-lagi


Manis gulane batu ja kleru
Sing dodol rupane ayu
Janji kemis mesti dadine setu
Yen kagol tak tinggal mlayu

Lirik Lagu Ulo Sawah

Lirik / Syair Lagu
Ulo Sawah


Ulo sawah welut senengane neng ngendut
Dicekel mrucat mrucut janjine biyen manut
Piya piye mung manut
Saiki kok plintat plintut


Welut pancene lunyu sabane turut banyu
Bisane mung mangan turu
Kono sing tambah lemu kene sing malih kuru
Welut ngapusi aku


Welut ora nyawel nanging mulut
Ati-ati sing kepulut mesti katut
Welut senengane mangan lumut
Klesar-kleser yen wis wareg terus ngendhut
 lirikcampursarinan.blogspot.com


Welut tanpo sisik tanpo sungut
Biyen becik kok saiki ngowat awu
Welut wanine mung karo semut
Pinter ngappusi kuwi jenenge welut


Lut welut welut senengane turut ngendut
Welut welut welut dicekel mrucat mrucut
Lut welut welut senengane turut banyu
Welut welut welut cekelane pancen lunyu

Lirik Lagu Sengkuni Leda Lede

Lirik / Syair Lagu
Sengkuni Leda Lede


Kurang bagus brengose ditambah angus
Gandrung randha ambegane melar mingkus
Balung nangka katon ayu randha kembang
Jalan lenggang sengkuni terus terangsang


Bathok bolu manise ngungkuli madu
Pringas-pringis randha ayu gawe miris
Pikir bingung njupuk keris kleru irus
Lagi ngalamun sengkuni diambung wedhus


Jangkrike upa mencok ana lawang
Dhasar mata kranjang durung randha kok diserang
Ja kaya ngono kaya uwak toma
Jarene wis tobat jebulane malah kumat


Sengkuni leda-lede mimpin baris terik tempe
E barise menggok Sengkuni kathoke mlotrok
Sengkuni leda-lede mimpin baris terik tempe
E barise menggok Sengkuni kok malah deprok
 lirikcampursarinan.blogspot.com

Wanci awan Sengkuni uwis arep sowan
Jelalatan weruh prawan menggok dalan
Nunggang jaran lakune kok jondhal-jandhil
Tiba mlumah Sengkuni bacut mecicil

Lirik Lagu Teh Poci

Lirik / Syair Lagu
Teh Poci


Teh poci mas manis gulo jowo
Mampir mriki bakule mbak ayu
Kerso ngunjuk teh poci biso kagem jampi
Jampi wuyung sing lagi gandrung


E sajake mas ono sing dikarepke
Milih mriki nopo milik kae
Pripun mas pie yen arep naksir bloko wae
Akeh liyane malah milik bakule
Pripun badhe manut wae
 lirikcampursarinan.blogspot.com

Teh poci dik manis gulo jowo
Pados jampi malah nemu rondo
Rondo soko brang wetan duwite segudang
Ngajak dolan pados hiburan


E sajake ono sing dikarepke
Pingin disko opo karaqoke
E pripun, e piye yen kesel ayo bali wae
Mumpung isih sore penake diteruske
Pripun aku manut wae

Lirik Lagu Semarang – Sala

Lirik / Syair Lagu
Semarang – Sala


Sepira adohe sepira suwene
Semarang – Sala suwene pira wene
Sliramu wis janji arep teka nyambang menyang Sala
Pengin kenal kulawarga nyatamu sliramu cidra
 lirikcampursarinan.blogspot.com


Durung wae dadi wis tega blenjani
Apa maneh besok yen urip nyawiji
Tinimbang gela ing tembe mburi
Tansah panas ati tansah panas ati
Becike ora nyawiji
Sapa wonge sing ora lara atine
Ketresnane kang tulus disepeleke
Cuwaning gela rasane ati iki
Kenapa tresna marang sliramu cuwaning atiku

Lirik Lagu Ngidham Sari

Lirik / Syair Lagu
Ngidham Sari


Bawa:
Dhuh wong ayu pepujaning ati
Kaya ngene wong nandang asmara
Apata awakku dewe
Ahuh dewa jawata gung
Welasa mring awak mami
Besuk kapan katekan
Jejer lan wong ayu
Umpamakna nahkoda
Tanpa prau sasadra den pepetri
Ngidan sari asmara


Langgam:
Upama sliramu sekar melati
Aku kombang ngidham sari
Upama sliramu margi wong manis
Aku sing bakal ngliwati
 lirikcampursarinan.blogspot.com

Sineksen lintange luku semana
Janji prasetyaning ati
Tansah kumanthil ing netra rinasa
Karasa rasaning driya


Midera sajagad raya kalingana wukir lan samodra
Ora ilang memanise aduh dadi ati sak lawase
Nalikanira ing wengi atiku lam lamen si rupa ayu
Nganti mati ora bakal lali lha kae lintange mlaku

Lirik Lagu Ela Elo

Lirik / Syair Lagu
Ela Elo


Ela elo mbiyen kowe ngomong benci karo aku
Sengit sebel apa maneh tresna
Nanging saikine ra dinyana kowe malah mbalik tresna
Ela elo ela ela elo


Ela elo mbok ya aja ngono ngomong sapenake
Ora gelem karo karo aku
Nanging saikine saben dina kowe sibuk ngrayu aku
Ela elo ela ela elo
 lirikcampursarinan.blogspot.com

Pitik cilik ana ngembong
Mikir dhisik lagi ngomong
Isin isin ya mas
Kopat kapit ngiwa nengen
Ngaku benci nanging seneng
Isin isin ya mas
Mlaku mlaku tuku srandhal
Karo aku jual mahal
Isin isin ya mas

Lirik Lagu Ali Ali

Lirik / Syair Lagu
Ali Ali


Bawa Dhandanggula:
Jenang gula glali aja lali
Ali ali niki sulih kula
Aja dianggep sepele
Kula mbotena melu
Amung ati tansah nggondheli
Yen dadi lara gela
Sedih rinten dalu
Ketok ketoken kewala
Nganti anti mbesuk apa bakal bali
Yen bali beja kula
 lirikcampursarinan.blogspot.com


Langgam:
Ngagema ali aliku pamrihe aja lali marang aku
Nadyan kula mboten melu mbesuke
Ngelingana lelabetku
Lamun embane cepaka emane amung tansah gawe cuwa
Iki embane kencana pamrihe tansah manggiha raharja
Yen nganti ilang mripate jarene nemahi rubeda
Yen nganti dinggo wong seje mbesuke wis mangsa bodhowa
Pilihanku mripat biru pamrihe mrih sulistya ingkang warni
Yen takon isi atiku mbesuke mrisakna ali ali

Lirik Lagu Mbah Dukun

Lirik Lagu / Syair
Mbah Dukun


Permisi mbah kula nuwun
Napa mriki daleme mbah Mangun
Sing kondhang dados dukun
Mertamba mesti mantun
Gadhah putri namine Atun


Kula mriki mbah estu badhe pados jampi
Jampi wuyung sanes jampi wudun
Pripun mbah pripun
Mbah dhukun kersa paring pitulung
Keng putra Atun kados kula nggih purun
mesthi enggal mantun
 lirikcampursarinan.blogspot.com

Permisi mbah simbah dhukun
terima kasih alias matur nuwun
sakit kula pun mantun
Diparingi Atun
Sak niki kersane kepripun


Kula niki mbah anake wong tani utun
Sugih beras sugih pantun
Pripun mbah pripun mbah dhukun
Ampun ngalamun
Dhuh adhuh adhuh pripun mbah niki tumbasanipun
Andhuk kalih sabun

Lirik Lagu Nonong

Lirik / Syair Lagu
Nonong


Nonong sing nonong sapa sing nduwe
Nonong sing nonong sing ayu dhewe
Nonong nambahi ayu ayu ayu dhewe
Nononge nambahi manis manis manis dhewe


Nonong sing nonong dudu bathuke
Nonong sing nonong larang regane
Nononge sing mesam-mesem kabeh-kabeh kangen
Nononge yen ngguyu merem kabeh-kabeh gelem
 lirikcampursarinan.blogspot.com

Dasar ayu tetep ayu nadyan nonong tambah ayu
Dasar manis tetep manis ndyan nonong tambah manis


Nonong sing nonong ngendi omahe
Nonong sing nonong angel tandhinge
Sing nonong dudu bathuke, adhuh-adhuh sayang
Sing nonong nyedhaka mrene adhuh-adhuh sayang

Lirik Lagu Resepsi

Lirik Lagu / Syair
Resepsi


Yen pinuju angrawuhi ing malam resepsi
Kakung putri ngagem busana kang edi peni
Para putri sami lenggah jejer katon rapi
Yen sinawang nganti koyo kontes widodari
 lirikcampursarinan.blogspot.com


Para priya lenggahe rada rada adoh sawetara
Uthak-uthik lirak lirik mesam-mesem
Ngguya-ngguyu sajak arep mundhut lagu
Sinten niku lenggah pojok ndelik ana mburi
Menga-mengo sajake ana sing diwedeni

Lirik Lagu Lencir Kuning

Lirik / Syair Lagu
Lencir Kuning


Pring gading dinggo sulingan
Lencir kuning mung tansah dadi pikiran
Yen ketemu jantungku nganti deg-degan
Wiwitane deweke ngajak tepungan


Lambene sinigar jambe
Lencir kuning apa wis ana sing duwe
Adhuh lae atiku lha kok magkene yen kelingan
Kelingan esem ngguyune


Godhong suruh ketemu rose
Yen ginigit tunggal rasane ya mas ya pait rasane
Yen ra weruh karo deweke
Sanadyan sedina wae atiku banget kangene
 lirikcampursarinan.blogspot.com

Gedhang klutuk nggo pakan manuk
Manuk manyar banter mabure ya mas ya banter abure
Yen kepethuk jebule mung manthuk tapi samar
Piye dadine dheweke uwis ana sing nduwe

Lirik Lagu Melathi Rinonce

Lirik / Syair Lagu
Melathi Rinonce


Bawa Mijil:
Kang kadulu reroncen melathi
Malela katongton
Rina wengi amung dadi impen
Pepuntone pantes digoleki
Dununge wong manis
Ingkang maneh wuyung
 lirikcampursarinan.blogspot.com

Langgam:
Lha kae wus mrene nyangking kembang melathi rinonce
Tanda yekti teteping kasaguhane
Nuli masrahke tak tampa nuli dikalungake
Saya tresna tak sawang katon eseme


Ing nguni prasetya tan nedya ginggang sarema
Uwis nyata bisa gawe rasa mulya
Iki pasangonku mawar kuning kang kudu sumanding
Pangajabku asih lahir trusing kalbu

Lirik Lagu Pitik Kampung

Lirik / Syair Lagu
Pitik Kampung


Mas mbok jangan begitu
Ojo grusa grusu
Malu ah malu mas
Yen ngerti koncoku malu malu


Dik nyedako aku
Ojo mloya mlayu
Terus nglimpeke aku
Tak lelo ledung
Gandrung aku gandrung
Senajan kowe wong kampung


Iwak ingkung mas jago wareng
Aku isih seneng urip ijen
Iwak ingkung dik dodone mentok
Wis pantese wong lanang gandrung wong wedok


Iwak ingkung mas kanggo bancakan
Aku iki durung wani pacaran
Iwak ingkung dik pitike kampung
Laganono atiku sing nandang wuyung


Go wareng bertik kampung
Jago wareng nguber uber pitik kampung
Kang mas Herman o he sing bagus rupane
Opo kowe tetep kelingan aku
Kangmas Herman o he sing becik atine
Opo kowe pancen tresno aku


Bagus rupamu becik atimu
Iku sing nggawe tresno neng ati
Ojo lali karo ali ali
Tondo tresno nganti tekane pati
 lirikcampursarinan.blogspot.com

Kangmas Herman o he
Sing bagus rupane
Ojo nganti kowe mblenjangi janji


Wulandari sing koyo widodhari
Kangmas Herman ra bakal biso lali

Lirik Lagu Nawala

Lirik / Syair Lagu
Nawala


Wis tak tampa nawalane surasane uga wis mangerti
Warna-warna pamuwuse temahane bisa ndudut ati
Ngantiya tekan seprene saya gawe ewuh ing pambudi
Nggonku kirim wangsulane sing mesthine dhewekke ngenteni
 lirikcampursarinan.blogspot.com

Nora gampang sanadyan ta mung nulisa layang
Amrih padhang yen diwaca wong sing lagi nandang
Ora sepira wujude dirasakna abote kepati
Nawala mung dluwang wae diguwanga anggondheli ati

Lirik Lagu Sekonyong Konyong Kodher

Lirik / Syair Lagu
Sekonyong Konyong Kodher


Cintaku sekonyong-konyong kodher
Karo kowe cah ayu sing bakul lemper
Lempermu pancen super resik tur anti laler
Yen ra pethuk sedina neng sirah ngliyer


Cintaku sekonyong-konyong koder
Paribasan during ndemok wani panjer
Modal bensin seliter motorku tak setater
Tak ampiri ayo tak jak muter-muter


Tiwas aku dandan mlipit
Rambutku lengane pomit
Malah kowe lunga plencing
Ora pamit mit mit mit mit
 lirikcampursarinan.blogspot.com

Bir temulawak
Nggonku mikir neng awak nganti rusak
Rusak njaja njero
Sing tak pikir jebule kaya ngono


Kembang jambu gogrok dipangan uler
Cintaku sekonyong konyong kodher
Uler keket mlakune klogat kloget
Jabang bayi jebul aku kena pelet

Lirik Lagu Yen Ing Tawang

Lirik / Syair Lagu
Yen Ing Tawang


Bawa Sinom:
Yen ing tawang ana lintang
Cah ayu aku ngenteni
Marang mega ing akasa
Sun takon wartane reki
Janji janji ku eling
Sumedot rasane tyas ingsun
Nimas ingsun mersapa
Sineksen bumi langit
Tangising tyas ngenteni padang rembulan


Langgam:
Yen ing tawang ana lintang cah ayu
Aku ngenteni tekamu
Marang mega ing angkasa nimas
Sun takokke pawartamu
 lirikcampursarinan.blogspot.com

Janji janji aku eling cah ayu
Sumedhot rasaning ati
Lintang lintang ngiwi iwi nimas
Tresnaku sundul wiyati


Dhek semana janjiku disekseni
Mega kartika kairing rasa tresna asih
Yeng ing tawang ana lintang cah ayu
Rungokna tangising ati
Binarung swaraning ratri nimas
Ngenteni mbulan ndadari

Lirik Lagu Sluman Slumun Slamet

Lirik / Syair Lagu
Sluman Slumun Slamet


Sluman slumun watone slamet
Ngarep arep rejeki aja nganti seret


Pinter srawung tundhone wis mesthi untung
Ora wurung, yen tinulung becike ojo tanggung-tanggung


Sluman slumun sing penting slamet
Eling-eling ro kanca ora perlu njimet


Etung-etung ben sithik watone untung
Modal jujur sing penting sugih sugih sedulur
 lirikcampursarinan.blogspot.com

Sluman slumun slamet dasar wasis lan ubet


Aja samar saben dina wis mesthi ngliwet


Sluman slumun slamet ora dhemen nyimpet
Alah srimpat srimpet tundhone wis mesthi ruwet


Eman jo samar yen ra keduman
Nyasar nyusur wong sabar wis mesthi subur

Lirik Lagu Sembranan



Lirik / Syair Lagu
Sembranan


Pa:
Enake dhik ayo mlaku-mlaku
Tur dhasare iki malem Minggu
Katone kowe ngguya-ngguyu
Karo mesem sajake kowe setuju


Pi:
Saiki mas aku nagih janji
Yen jarene arep mbok turuti
Kepengin gelang sing sak driji
Tur ya emas aja mung imitasi


Pa:
Apa edan yen kowe wis ra kelingan
Blonjo sithik wae tur akeh potongan
Ya suk emben yen oleh tunjangan
Tuku gelang sing gedene ra ukuran
 lirikcampursarinan.blogspot.com

Pi:
Aja duka mas yen aku mung sembranan
Pora pisan yen aku ngajak guyonan
Yen wis suwe aku ngerti dewe
Yen blonjone cukup dinggo mangan wae

Lirik Lagu Randha Kempling


Lirik / Syair Lagu
Randha Kempling


Ndak pundi mbak ayu badhe tindak pundi
Dingaren tindak wae ora numpak taksi
Dewekan opo ora wedi
Timbang nganggur kula gelem ngancani


Kleresan mas alias kebetulan
Blanjane kathah rada kabotan
Yen purun enggal-enggal ngrencangi
Tekan ngomah mangke kula opahi


E e tobil wong legan golek momongan
Niki blonjo napa mbakyu badhe pindahan
 lirikcampursarinan.blogspot.com

Ampun gela mas sampeyan ampun kuciwa
Kula randha anyaran ditinggal lunga


Awan awan lunga blanja neng pasar pahing
Prawan randha bagiku ora pati penting


Neng Semarang mas tuku gelang opo anting-anting
Jo sumelang ya ben randha dijamin kempling

Lirik Lagu Ngelam Lami

Lirik / Syair Lagu
Ngelam Lami


Bawa Pucung:
Nadyan aku
Nora lali mring labuhmu
Kumledanging netra
Tiwas tiwas hanglam lami
Suwe suwe yen digagas gawe gela
 lirikcampursarinan.blogspot.com


Langgam:
Pancen ora disedya wong wis lali teka nyela-nyela
Katon kumledanging netra mula ati banjur melu krasa
Nadyan laliya wonge ora lali marang lelabete
Nalika padha tresnane ninggal bekti angel dilalekake
Suwe suwe yen digagas gawe gela ati
Wekasane tiwas tiwas anglam lami
Paribasan upami sambuk cilik kebacut nemahi
Sapa sing gelem nglakoni yen ditari tageh yen nyaguhi

Lirik Lagu Kasmaran

Lirik / Syair Lagu
Kasmaran


Yen arep crita karo sopo
Yen ora crita kok tmbah nelangsa
O soyo suwe kok ngene rasane
Sedino-dino kok nglakoni wae


Yen ora sambat wis ra kuat
Arep njaluk tulung bingung olehku nembung
Nganti suk kapan bisa ngedem iki
Kasmaran kenyo kang kepati-pati
 lirikcampursarinan.blogspot.com


Tindak-tanduke kalem pra digawe
Laran eseme nggregetake
Yoben mung mgimpi ora popo
Yen ati iki bisa dadi lega
Deweke teko lan kondo yen trisna
Piya-piye aku pasrah lan lila

Lirik Lagu Kencling

Lirik / Syair Lagu
Kencling


Upomo kowe kembang melati aku keris tak sampiri
Tresnamu tresnaku dadi siji tak jaluk jo nganti lali
Para tamu kakung miwah putri pada lenggah anyekseni
Kinalungan reroncen melati rama ibu mangestoni
Lamun pendhok tembaga bisa malih ingkang rupi 
 lirikcampursarinan.blogspot.com
Lamun pendhok kencana iku lambang suci murni
Kinclong kinclong ayune tambah mencorong
Kencling kencling alah kencling dasar ayu lencir kuning
Kinclong alah kinclong cah manis ayo tak bopong
E buah kedhondhong saben wengi disobo kalong
Aku wedi yen digondhol uwong

Lirik Lagu Impenku


Lirik / SyairLagu
Impenku


Dhek mau bengi wancine jam siji
Kadadak tangi krungu uwong notok kori
Tak rungokake keprungu guyune
Tak bagekake mangsuli mesem angawe 
 lirikcampursarinan.blogspot.com
Alon-alon aku ngajak guyon
Terus sumandhing wonge ilang jebul guling
Adhuh impenku suwe tan ketemu
Tega mring aku kabarmu piye wong ayu

Lirik Lagu Kadhung Tresna

Lirik / Syair Lagu
Kadhung Tresna


Lamat wus katon tejane yen mbombrong katon mencrong
Adhuh wiragane sinawang tan amboseni
yen mboseni yen mbesengut
wimbuh patut nyata jatmika mrak ati 
 lirikcampursarinan.blogspot.com
Adhuh
Lestariya lan lila pisah serema
Nadyan bebasane kelingan godhong sak lembar
Nimas
Kaya wus koncatan rasa sengseming atiku
Pacakane sarwa asri jro batinku tansah kuwur
Eman
Wus lumayan amung nimas para ningsih

Lirik Lagu Bengawan Sore

Lirik / Syair Lagu
Bengawan Sore


Neng pinggiring bengawan tansah setya ngenteni sliramu
Eling eling jamane semana wus ngudap pitung ketiga
Neng pinggiring bengawan saben-saben mung munggah tansah kelingan
Wus prasetya ing janji kang suci ing lahir terusing ati
 lirikcampursarinan.blogspot.com


Sanajan kaya ngapa manungsa mung bakal isa ngreka lan njangka
Gusti kang paring idi lan pesthi kita sak derma nglampahi
Neng pinggiring bengawan wayah sore sansaya kelingan
Gawang-gawang esemu cah ayu gawe sedhing atiku

Lirik Lagu Gantilaning Ati

Lirik / Syair Lagu
Gantilaning Ati


Sepi rasa batinku iki saben dina tansah dewekan
Lungguh ing margi ra dilewati
Upama kembang ra disirami
Rasa kangen ra bisa dibendung
Awan bengi tansah kelisikan 
 lirikcampursarinan.blogspot.com
Ana neng endi papan panggonanne
Kok nganti saiki ra ana kabare
Apa pancen ra ngrasa aku nunggu nggonmu teka
Gantilaning ati mung sliramu
Nganti kapan ku nunggu tekamu

Lirik Lagu Bagus Adine

Lirik / Syair Lagu
Bagus Adine


Aku bingung pilih endi
Bocah loro sarwo edi peni
Siji kakang siji adi
kabeh bagus gus bagus gus bagus
Gawe bingung atiku


Cah loro padha gagahe
Yen sinawang kabeh nyenengake
Mesthine ana bedhane
Yen kon milih lih milih lih milih
Aku milih adine
 lirikcampursarinan.blogspot.com


Tuku jagung neng sal legi
Aku bingung pilih endi
Kebacut mlebu ning ati


Tuku kerdus neng sar gedhe
Sing bagus bagus adine
Sing gantheng gantheng kangmase

Lirik Lagu Setasiun Balapan

Lirik / Syair Lagu
Setasiun Balapan


Ing setasiun mbalapan kutho Solo sing dadi kenangan
Kowe karo aku nalika ngterke lungamu
Ing setasiun mbalapan rasane kaya wong kelangan
Kowe ninggal aku rakroso netes eluh ning pipiku
Da… da da sayang
Da… slamat jalan

Janji lunga mung sedhela jare sewulan ra ono
Pamitmu nalika smana neng setasiun mbalapan Solo
Jare lunga mung sedhela malah tanpa kirim warta
Lali apa pancen nglali yen eling ya enggal bali
 lirikcampursarinan.blogspot.com

Ning setasiun mbalapan kutho Solo sing dadi kenangan

Lirik Lagu Senthir Lenga Patra

Lirik / Syair Lagu
Senthir Lenga Patra


Warunge dibukak (byak) ditata sendok cankire
Panas kebul-kebul nyamleng tenan wedang rondhene
Peteng remeng-remeng manis-manis pelayane
Senthir lenga patra sing dipikir kok ora rumangsa
 lirikcampursarinan.blogspot.com

Esemane bakule gawe bingung atiku
Lirikane mripate gawe mriyang awakku
Iki piye iki piye iki piye (piye piye piye)
Senthir lenga patra sing tak pikir kok ora rumangsa
Alah sethir lenga patra tiwas naksir ora bisa nggawa

Lirik Lagu Sapu Tangan

Lirik / Syair Lagu
Sapu Tangan


Iki sapu tanganmu ganda arum kanggo pepelingku
Kamban mlathi mung sawiji tur dadi ati rina lan wengi
Tak puja-puji gunane dadi tambane brantane
Ya iye iya iye
 lirikcampursarinan.blogspot.com


Nadyan adoh yen kadulu nanging caket jroning ati
Wohing aren sela ageng ngejur patra
Mbok ya eling prasetyamu sepisanan
Gilo iki sapu tanganmu tansah dadi tali katresnanku
Terong alit mung sira tak anti-anti

Lirik Lagu Nusul

Lirik / Syair Lagu
Nusul

Bawa:
Galo kae teka nusul
Ndhesel ndhesel jowal jawil
Padune gemang ditinggal
Andhek puna sengal sengil
Sumbar sumbar njaluk pethal
Ora wurung kinthil kinthil
 lirikcampursarinan.blogspot.com

Langgam:
Lha kae nusul teka teka ulate njegadul
Mripate brebes mili anehe nyedhaki njiwiti
Tekate nusul watone bisa mbalik kumpul
Galake dimareni rewele ora dipindoni


Godha neng ndalan eman eman yen mulih dhewe
Bisa kelangan katut setan sing ngganggu gawe
Lumrahe kaul jenenge dumeh meh disusul
Solahe ngrangkul ngrangkul padune sumelang disusul

Lirik Lagu Mleset Janjine

Lirik / Syair Lagu
Mleset Janjine


Pi:
Jare janjine awan malah tekane sore
Pa:
Aku ra iso awan isone iki sore
Pi:
He mesthi tekane sore
Biyen nganti sak yahene mesthi molor janjine
Jare janji awan malah tekane sore
Kesel-kesel nggonku nunggu ngenteni teka sliramu
Pa:
Aku ra bisa awan bisane iki sore
Aja kesusu nesu iki lho mendhoan tempe


Pi:
Kuciwane atiku mangkel rasane
Mung nunggu ngarep tekamu kok mleset janjine
Pa:
Kabeh iki ra sengaja njaluk pangapura
Aja dadi atimu kabeh merga arta
Pi:
Jare janji awan malah tekane sore
Biyen nganti sak yahene mesthi molor janjine
Pa+Pi (kabeh ra ana bedane awan sore pada wae) 
 lirikcampursarinan.blogspot.com
Pa:
Oh oh oh aku
Ra isa awan bisaku iki sore
Ja banget anggonmu nesu
Awan sore pada wae

Lirik Lagu Lingsir Wengi

Lirik / Syair Lagu
Lingsir Wengi

Lingsir wengi sepi durung bisa nendra
Kagoda mring wewayang kang ngerindhu ati
Kawitane mung sembrana njur kulina
Ra ngira yen bakal nuwuhke tresna
 lirikcampursarinan.blogspot.com


Nanging dhuh tibaning aku dhewe kang nemahi
Nandang branta kadung lara sambat-sambat sapa
Rina wengi sing tak puji aja lali
Janjine muga bisa tak ugemi

 
ezon7. Powered by Blogger.