Cari Lirik Lagu / Search Lyrics

Cari Lirik Berdasarkan Abjad / Search Alphabetically

A B C D E G H I J K L M N O P R S T U W Y

Lirik Lagu Luntur

Luntur
Vokal: Nurhana
Cipt: Gesang


Yen lunturo wenterane
Ora koyo yen luntur tresnane
Tekan tekane atine
Koyo koyo mung sak sire dewe

Ora sembodho mbiyene
Saben dino mung tansah metukke
Saben kepetuk tembunge
Anggrerepo dadiyo duweke
lirikcampursarinan.blogspot.com

Ora maido kolo mongso
Mung sok gawe gelo
Ewo semono nganti biso
Nglunturke tresno

Ditambakno mrono mrene
Tiwas tiwas ndedowo larane
Nanging Tombo sejatine
Ora liyo mung awake dewe

Lirik Lagu Muspro

Muspro
Vokal: Cak Dikin & Wiwid


Pi:
Rasah mrene sampeyan rasah mrene
Cuku wae tresnaku cuwuk wae
Wis ra perlu welasku nggo sliramu
Ngobral janji nyatane mung janji palsu

Pa:
Aku sih butuh wektu nggo nglamar sliramu
Aku sih butuh bondo ojo nuduh suloyo
Mbok sing sabar tak njaluk mbok sing sabar
Dino Ahad sajake wis tak lamar
Tak rencono lamaranku telung milyar
Awan bengi tak rewangi ojek dokar
lirikcampursarinan.blogspot.com


Pi:
Aku ra butuh janji
Butuhku mung bukti
Aku ra butuh crito
Ngendikanmu mung muspro

Reff:
Pi:
Opo aku amung mbok gawe dolanan
Isin tonggo ben dino kanggo guneman
Yen tak tunggu Minggu ra ono lamaran
Tresnoku bakal tak obral turut ndalan

Pa:
Ojo mutung kabeh mau wis tak pitung
Dimen bebrayan mbesuke biso untung
Ayo ngguyu tang ting tang ting tang ting tung
Yen ra kowe luwih becik aku nggantung

Lirik Lagu Kawin Benjang Nopo

Kawin Benjang Nopo
Vokal: Dwi Ratna & Sodiq


Pa:
Nduk nduk aku takon
Wangsulono sing prasojo
Kowe wis dewoso
Kerep diapeli joko
Kae jane sopo dolan kok ora wayahan
Dirasani tonggo jare kok di dol murahan

Pi:
E.. golek perkoro rasanan waton suloyo
Ngomong didol murah
Nopo kulo towo towo
Bapak kulo bloko niki ngenten calon kulo
Aduh biyung romo
Kulo kawin benjang nopo

Pa:
E e jo srampangan nduk
Kawinan perlu pitungan
Pathokan dino pasaran
Palintangan dino klairan
lirikcampursarinan.blogspot.com

Pi:
Nili wau coro nopo pak
Lha kok koyo ngitung dagangan
Ndiko ngawinke anak
Nopo ngawinke pitungan
Ndiko mgawinke anak 
Nopo ngawinke pitungan

Pa:
Nduk rungokno yo omonge bapak
Wong rumah tangga perlu pitungan
Tegese dino pasarane calon bojomu
Karo pasaranmu
Jumlah ketemu piro? tegese
Siji tibo pangan
Loro tibo pangan
Telu tibo gedhong
Papat loro limo pati
Lha bapak biyen tibo klumah nduk ha

Lirik Lagu Ayun Ayun Gobyog

Ayun Ayun Gobyog
Vokal : Dini Aditama


Ayun ayun gobyog gawe
Gumun tekun sarto rukun
Akeh kang kayungyun
Dadi srono iku datan jemu
Nyawiji ing panemu
Condonging kalbu

reff :
Ayun ayun gobyog gawe
Gumun tekun sarto rukun
Akeh kang kayungyun
Dadi srono iku datan jemu
Nyawiji ing panemu
Condonging kalbu
lirikcampursarinan.blogspot.com

reff :
Ayun ayun gobyog gawe
Gumun tekun sarto rukun
Akeh kang kayungyun
Dadi srono iku datan jemu
Nyawiji ing panemu
Condonging kalbu

reff :
Ayun ayun gobyog gawe
Gumun tekun sarto rukun
Akeh kang kayungyun
Dadi srono iku datan jemu
Nyawiji ing panemu
Condonging kalbu

reff :
Ayun ayun gobyog gawe
Gumun tekun sarto rukun
Akeh kang kayungyun
Dadi srono iku datan jemu
Nyawiji ing panemu
Condonging kalbu

Lirik Lagu Gulu Pedhot

Gulu Pedhot
Vokal : Cak Dikin & Wiwid


Pa:
Dudu watu yen sih diarani pasir,
Watu kambang keri ono ning pinggir..
Lagi ketemu aku wis kroso naksir,
Kelisik’an koyo kelangan pikir..

Pi:
Wit kelopo kuwi jenenge gelugu,
Disigari diporot dadi pitu..
Sabendino aku ra biso turu,
Kangen ndiko mung ora kewetu..

reff :
Pa:
Aring aring bakar gedhang nganggo geni,
Sampek gering awakku iki mikiri..
Gedhang rojo sak tundhun dipangan codhot,
Timbang wurung aluwung guluku pedhot..

Pi:
Godhong sawi diurap karo kelopo,
Ati iki asline mung kanggo ndiko..
Gedhang rojo sak tundhun dipereteli,
Yen ra percoyo bedhahen dhodho iki..

reff:
Pa:
Dudu watu yen sih diarani pasir,
Watu kambang keri ono ning pinggir..
Lagi ketemu aku wis kroso naksir,
Kelisik’an koyo kelangan pikir..

Pi:
Wit kelopo kuwi jenenge gelugu,
Disigari diporot dadi pitu..
Sabendino aku ra biso turu,
Kangen ndiko mung ora kewetu..

reff:
Pa:
Aring aring bakar gedhang nganggo geni,
Sampek gering awakku iki mikiri
Gedhang rojo sak tundhun dipangan codhot,
Timbang wurung aluwung guluku pedhot
lirikcampursarinan.blogspot.com

Pi:
Godhong sawi diurap karo kelopo,
Ati iki asline mung kanggo ndiko
Gedhang rojo sak tundhun dipereteli,
Yen ra percoyo bedhahen dhodho iki..
Pa: Timbang wurung aluwung guluku pedhot,
Pi: Yen ra percoyo bedhahen dhodho iki..
Pa: Timbang wurung aluwung guluku pedhot,
Pi: Yen ra percoyo bedhahen dhodho iki..
Pa: Timbang wurung aluwung guluku pedhot,
Pi: Yen ra percoyo bedhahen dhodho iki

Lirik Lagu Jambu Alas

Jambu Alas
Vokal: Didi Kempot & Nunung Alvi


Pa:
Kelingan manis eseme
Trus kelingan ramah gemuyune
Tresno lan kasih kasih sayange
Karep atiku klakon dadi bojone
Sayange wes duwe bojo
Nanging aku aku wes kadong tresno
Nelongso rasa neng ati
Yen aku ra klakon melu nduweni

Reff:
Jambu alas kulite ijo
Sing di gagas wes duwe bojo
Ada gula ada semut
Durung rondo ojo di rebut
lirikcampursarinan.blogspot.com

Pi:    
Sumpah neng batin 
Yen kulo tidak di kawin
Tekating ati ora bakal luru ganti
Sumpah wes janji arep sehidup semati
Seneng lan sedih 
Bareng bareng di lakoni

Pa:  
Jambu alas ndok manis rasane
Snajan tilas tak enteni rondone

Lirik Lagu Pamitan

Pamitan
Cipt: Gesang
Vokal: Gesang


Lilalono pamit mulih
Pesti kulo, yen dede jodone
Mugo enggal antuk sulih,
Wong sing biso, ngladeni slirane
Pancen abot jroning ati
Ninggal ndiko, wong sing ndak tresnani
Nanging bade kados pundi,
Yen kawulo, sakdermo nglampahi
Mung semene
Atur puji, kariyo raharjo
Sak pungkure,
Ojo lali, asring kirim warto
Eman-eman mbenjang ndiko,
Yen to nganti, digawe kuciwo
Batin kulo mboten lilo,
Yen to nganti, mung di sio-sio
lirikcampursarinan.blogspot.com

reff :
Nanging bade kados pundi,
Yen kawulo, sakdermo nglampahi..
Mung semene
Atur puji, kariyo raharjo
Sa kpungkure,
Ojo lali, asring kirim warto
Eman-eman mbenjang ndiko,
Yen to nganti, digawe kuciwo
Batin kulo mboten lilo,
Yen to nganti, mung di sio-sio

Lirik Lagu Ilat Tanpo Balung

Ilat Tanpo Balung
Vokal: Lilin Herlina


Panas mongso ketigo, wawas sing tak kroso
Tiwas aku teko, mbok tinggal lungo
Tegane atimu, ninggalake aku
Kebangeten, kebangeten awakmu
Bareng sing tak rasa’ke, ilat tanpo balung
Janji mlaku mlaku, mbok tinggal mlayu
Nibo tangi aku, aku ngoyak awakmu
Tulung, entenono aku
Opo ra kelingan, biyen kowe kuwi sopo
Loro tak obati, bareng mari kowe lali
Paribasan peksi, mabur dhuwur eling bali
Aku kok apusi, sak tenane aku ngerti
Ilat tanpo balung, wis ditulung malah menthung
Sak karepmu, tutugno lakumu
lirikcampursarinan.blogspot.com

Reff :
Bareng sing tak rasa’ke, ilat tanpo balung
Janji mlaku mlaku, mbok tinggal mlayu
Nibo tangi aku, aku ngoyak awakmu
Tulung, entenono aku
Opo ra kelingan, biyen kowe kuwi sopo
Loro tak obati, bareng mari kowe lali
Paribasan peksi, mabur dhuwur eling bali
Aku kok apusi, sak tenane aku ngerti
Ilat tanpo balung, wis ditulung malah menthung
Sak karepmu, tutugno lakumu
Sak karepmu, tutugno lakumu

Lirik Lagu Tak Tunggu Balimu

Tak Tunggu Balimu
Vokal: Vivi Rosalita & Brodin


Pa:
Nangiso sedino ping pitu,
Yen kuwi keputusanmu..
Aku ora bakal nggandholi,
Lungamu ninggalke aku..
Aku wis lilo yen sliramu lungo,
Senajan dhodho ngempet ing loro..
Aku ra kuwoso menging sliramu,
Sing tak jaluk jujur atimu..
Mugo sliramu ra cidro,
Senajan adoh ing kono..
Sliramu tansah gumantil,
Ono ing mripat lan dhodho,
Budhalo tak tunggu balimu
lirikcampursarinan.blogspot.com

Pi:
Maafkanlah wahai sayangku,
Terpaksa meninggalkanmu..
Aku tak membenci dirimu,
Dan melepaskan cintamu..
Kau tahu diriku ku tahu dirimu,
Kita sudah tak sendiri lagi..
Kuharap dirimu mengerti diriku,
Tak mungkin kita terus begini..
Anggap saja semua itu ,
Sebagai mimpi tidurmu..
Lupakanlah masa lalu,
Dari semua kenanganmu,
Yang lalu biarlah berlalu..

Pa:
Opo wis tego sliramu,
Misahke roso tresnaku..
Opo penggodhane tresno,
Aku kudu sabar nerimo..

Pi:
Serahkan saja pada yang diatas sana..

reff:
Pa:
Maafkanlah wahai sayangku,
Terpaksa meninggalkanmu..
Aku tak membenci dirimu,
Dan melepaskan cintamu
Kau tahu diriku ku tahu dirimu,
Kita sudah tak sendiri lagi
Kuharap dirimu mengerti diriku,
Tak mungkin kita terus begini..
Anggap saja semua itu ,
Sebagai mimpi tidurmu..
Lupakanlah masa lalu,
Dari semua kenanganmu,
Yang lalu biarlah berlalu..

Pa:
Opo wis tego sliramu,
Misahke roso tresnaku..
Opo penggodhane tresno,
Aku kudu sabar nerimo..

Pi:
Serahkan saja pada yang diatas sana..

reff:
Pa:
Nangiso sedino ping pitu,
Yen kuwi keputusanmu
Aku ora bakal nggandholi,
Lungamu ninggalke aku
Aku wis lilo yen sliramu lungo,
Senajan dhodho ngempet ing loro
Aku ra kuwoso menging sliramu,
Sing tak jaluk jujur atimu..
Mugo sliramu ra cidro,
Senajan adoh ing kono
Sliramu tansah gumantil,
Ono ing mripat lan dhodho,
Budhalo tak tunggu balimu

Lirik Lagu Ngisor Wit Sente

Ngisor Wit Sente
Vokal: Vita Arieka

Pi:
Wiwit kae ra temu tekan seprene
Karo wong bagus nganyelke sok ngeca ngece
Titenono yen leno tak jopa japu
Ra orane wong bagus ra kanthil aku

Pa:
Wiwit biyen jan jane aku kepincut
Karo wong ayu nggemeske sok prengat prengut
Titenono yen leno tak jopo montro
Ra orane wong ayu di caplok buto
lirikcampursarinan.blogspot.com

Pa + Pi:
Tobil tobil wong loro podo senenge
Jebul jebul wong loro podo demene
ora nyono wong loro podo karepe
Nemu jodho wong loro ning sor wit senthe

Lirik Lagu Turu Nang Dadane

Turu Nang Dadane
Vokal : Yuli Astuti
Ciptaan : Hawadin


Kepengin turu nang dadane
Kepengin sun ngelus rambute
Cagerno duh klendhi rasane
Keloron dadi lan nyatane
Sun angen raino lan bengi
Sing leren ulie sun mimpi
Gregeten dung terus gedigi
Keloron semanding ring mimpi
lirikcampursarinan.blogspot.com

reff :
Masio ulan ring nduwuran
Bisane mung ulie nyawang
Masio mung kembyange byantal
Ketimbang nono babar pisan
Kadhung wis teko lan jodone
Kelakon turu nang dadane

Lirik Lagu Mr. Mendem

Mr. Mendem
Vokal: Cak Dikin & Wiwid
Cipt: Cak dikin


Pi:
Aku wis kondho, ciu marakke ciloko
Aku wis matur, mensen ning omongan nglantur
Wis tak kandani, yen vodka marakke lali
Bacut ngunjuk bir, kakean dadine kenthir..

Pa:
Ora tak gagas, penting sih so tuku beras
Ora tak anggep, penting anak bojo wareg
Ojo’ muna-muni, nuturi koyo kiai
Ditokke wae, yen klenger wis ndlosor dewe
lirikcampursarinan.blogspot.com

Pi:
Ra keno tak kandani, yen ngono aku ra sudi
Lilakno aku bali, wong tuwaku kuat ngingoni..

Pa:
Ojo cekak atimu, wis tak cukupke lelakonku
Pancene bener kandamu , mergo mendem ngrusak awakku..

Pi:
Yen wis mari, konco-konco dipamiti
Sukur bage, mendem do ditinggalake..

Pa:
Selamat tinggal, kancaku lereno ndugal
Dongakno kuat, mendemku wis ora kumat

Lirik Lagu Layang Kangen

Layang Kangen
Vokal : Didi Kempot


Layangmu tak tompo wingi kuwi
Wis tak woco opo karepe atimu
Trenyuh ati iki moco tulisanmu
Ra kroso netes eluh neng pipiku
Umpomo tanganku dadi suwiwi
Iku ugo aku mesthi enggal bali
Ning kepiye maneh margo kahananku
Cah ayu entenono tekaku
lirikcampursarinan.blogspot.com

reff :
Ra maido sopo wong sing ora kangen
Adoh bojo pengen turu angel merem
Ra maido sopo wong sing ora trenyuh
Ra kepethuk sawetoro pengin weruh
Percoyo aku kuatno atimu
Cah ayu entenono tekaku
Umpomo tanganku dadi suwiwi
Iku ugo aku mesthi enggal bali
Ning kepiye maneh margo kahananku
Cah ayu entenono tekaku

reff :
Ra maido sopo wong sing ora kangen
Adoh bojo pengen turu angel merem
Ra maido sopo wong sing ora trenyuh
Ra kepethuk sawetoro pengin weruh
Percoyo aku kuatno atimu
Cah ayu entenono tekaku

Lirik Lagu Angge Angge Orong Orong

Angge Angge Orong Orong
Vokal: Didi Kempot & Dewi Angin angin
Cipt: Jhoni Sayekti/Ragil Suro Bangkit


Pa:
Netes banyune moto
Aku nangis ketiban ondho
Rondo tak kiro perawan
Baraeng wis kawin anake sak kandang

Pi:
Pancen aku wis rondo
Aku rondo anakku limo
Nanging aku sih biso
Diwolak walik koyo nggoreng telo
Sapi manak larang regane
Anak limo bedo bapak e

Pa:
Angge-angge orong-orong
Ora melok nggawe melok momong
Rondo randane ompong
Nduwe anak sak gede kingkong
Angge-angge orong-orong
Ora melok nggawe melok momong

Pi:
Anak limo akeh mangane
Penting mbok’e enak rasane

reff :
Pa:
Eling jaman semono
Wayah kawin nanggap bal-balan
Tamune rame tenan
Nganti sing ndelok akeh sing pingsan

Pi:
Amplop e akeh tenan
Oleh duit karung-karungan
Wong sing podo kondangan
nganti akeh sing podo kelangan
Perawan rondo podo wae
Nadyan ompong enak rasane

Pa:
Angge-angge orong-orong
Ora melok nggawe melok momong
Rondo randane ompong
Nduwe anak segede kingkong
Angge-angge orong-orong
Ora melok nggawe melok momong
lirikcampursarinan.blogspot.com

Pi:
Pitik karo anak e
Kabeh mau dadi resikone

(kembali ke reff )

Lirik Lagu Taman Jurug

Taman Jurug
Vokal : Nurhana
Ciptaan : Anjarany


Ning kutho Solo, tuwo lan mudo
Nyang taman Jurug in pinggir bengawan Solo
Mudo lan mudi, awan lan bengi
Do suko-suko nanging ojo ngiket janji

Cahyaning bulan nrajang pucuking cemoro
Angin kang teko sasat nggowo gending tresno
Banyu Bengawan sinorot cahyaning bulan
Lir sewu dian alerap nggugah kenangan
lirikcampursarinan.blogspot.com

Ngersakne nopo, mung sarwo ono
Ning Taman Jurug taman endah kutho Solo
Papan kreasi, mudo lan mudi
Sing tuwo-tuwo welinge ojo nganti keri

Lirik Lagu Manten Mantenan

Manten Mantenan
Vokal : Cak Dikin & Wiwid


Pi:
Ojo nggodo lan dolan dolanan
Aku prawan ra gampang-gampangan
Jowal jawil ra atur-aturan
Opo mbok anggep wong murah-murahan

Pa:
Sopo sing nganggep wong murah-murahan
Aku pengen mung konco-koncoan
Sukur bage mung gelem-geleman
Dibacutke terus pacar-pacaran

reff :
Pi:
Kenalan aku sukur kenal-kenalan
Tapi jangan tangannya kluyur-kluyuran
Aku wanita ada harga-harganya
Nanti tak kandakkan bapak-bapak saya

Pa:
Ewadalah galaknya betul-betulan
Yen marah kelihatan bener-beneran
Kalau gitu aku gak coba-cobaan
Apalagi berpikir kawin-kawinan

Pi:
Yen pancen welas mung tenan-tenanan
Wes ra perlu trus jajal-jajalan
lirikcampursarinan.blogspot.com

Pa:
Aku cinta ‘kan suci-sucian
Moga bisa trus manten-mantenan

Lirik Lagu Langit Mendhung Kutho Ngawi

Langit Mendhung Kutho Ngawi
Vokal : Rika Asbi
Ciptaan : Dhalang Poer


Dalan iki biyen nate tak liwati
Nalikane langit mendhung kutho ngawi
Sendang glagah wis ginurit jroning ati
Saben liwat aku ora biso lali
Tak ulati isih koyo wingi uni
Ora kroso luh tumetes mbrebes mili
Roso nglangut yen katon pan tanpo pagut
Katresnanku rinenggut purbaning pesthi
lirikcampursarinan.blogspot.com

reff :
Dalan iki biyen nate tak liwati
Nalikane langit mendhung kutho ngawi
Sendang glagah wis ginurit jroning ati
Saben liwat aku ora biso lali
Tak ulati isih koyo wingi uni
Ora kroso luh tumetes mbrebes mili

Lirik Lagu SMS ( Asmara Jum’at Kliwon )

SMS ( Asmara Jum’at Kliwon )
Vokal : Cak dikin & wiwid


Malam ini jum’at kliwon
Ku kirim sms
Tentang gejolak asmara
Cinta monyet kita
Jangan pernah pisah lagi
Jadi cinta sejati
Menjelang tidurmu kasih
Ku kirimkan puisi

*)
Raut wajahmu cemerlang
Selalu membayang
Hidungmu indah dan mancung
Bikin aku bingung
Gigi bak biji mentimun
Membuatku melamun
Penutupnya sms ku
Gek kono gek mapan turu

Reff:
Pi: Tenane opo kuwi mung lelamisan
Pa: Nggak bohong ini betul tur temenanan
Pi: Yen nganti panjenengan mung apus apusan
Pa: Wani sumpah penak turu dislentak jaran
Pi: Yen nganti kelakone mengko nikahan
Pa: Nyawiji saestu mbangun bebrayan
lirikcampursarinan.blogspot.com
Pa+Pi: 
Mulakno ayo bareng nyuwun mring pangeran
Dadi jodho sak lawase ra pepisahan

Lirik Lagu Getun

Getun
Vokal: Manthous


Getunku setahun
Ning ati gelo rasane kuciwo
Sithik-sithik mung ngalamun
Anelongso rino klawan wengi
Gumunku setahun yeng lagi bingung
Soyo tambah bingung
Iwak grameh pangan welut
Piye maneh wis bareng kebacut
Pripun kepriben

Minta ampun ketiban amben
Mboten purun lha nggih kajenge
Nambahi bingung
Jarene wong gethun
yen digeged mboten mantun mantun
Sinten sing purun kersane mantun
Ngge tombo ngalamun
Getunku nganti setahun
Ampun ampun trimah sakit wudun

reff :
Pripun kepriben
lirikcampursarinan.blogspot.com
Minta ampun ketiban amben
Mboten purun lha nggih kajenge
Nambahi bingung
Jarene wong gethun
Yen digeged mboten mantun mantun
Sinten sing purun kersane mantun
Ngge tombo ngalamun
Getunku nganti setahun
Aduh ampun trimah sakit wudun

Lirik Lagu Ketaman Asmoro

Ketaman Asmoro
Vokal : Didi Kempot
Ciptaan : Handiman


Saben wayah lingsir wengi
Mripat iki ora biso turu
Tansah kelingan sliramu
Wong ayu kang dadi pepujanku
Bingung rasane atiku
Arep sambat nanging karo sopo
Nyatane ora kuwowo
Ngrasakke atiku sansoyo nelongso

reff :
Wis tak lali-lali
Malah sansoyo kelingan
Nganti tekan mbesok kapan nggonku
Mendem ora biso turu
Opo iki sing jenenge
Wong kang lagi ke taman asmoro
Prasasat ra biso lali
Esuk awan bengi tansah mbedo ati

reff :
Bingung rasane atiku
Arep sambat nanging karo sopo
Nyatane ora kuwowo
Ngrasakke atiku sansoyo nelongso
lirikcampursarinan.blogspot.com

reff :
Wis tak lali-lali
Malah sansoyo kelingan
Nganti tekan mbesok kapan nggonku
Mendem ora biso turu
Opo iki sing jenenge
Wong kang lagi ke taman asmoro
Prasasat ra biso lali
Esuk awan bengi tansah mbedo ati

Lirik Lagu Gelo

Gelo
Vokal: Sonny Josz


Koyo ngene rasane yo wong kapusan
Ati mangkel pingine uring uringan
Waktu lamaran kowe janji trisno ning aku
Nanging saiki kuwe lunggo ninggalne aku

*)
Ulem ulem kabar resepsi pernikahan
Wis kebacut disebar pinongko undangan
Tanggal lan wulan kabeh wis pastiake
Tendo biru janur kuning disiapke
Jebule kuwe malah minggat
Gawe dunyo rasane koyo kiamat
Gelo atiku gelo .
Kowe wis tego nggawe ati gelo
lirikcampursarinan.blogspot.com
Loro atiku loro 
Kowe wis tego nggawe ati iki loro
Kebangeten yenmu nggawe goro goro dik
Resepsine batal mergo kuwe lungo
Kebangeten yenmu nggawe goro goro dik
Aku sak kluargo nanggung wirang dan kuciwo

Lirik Lagu Kangen Bojo

Kangen Bojo
vokal : Lilin Herlina


Ketawang suwaramu
Kelingan manise esemmu
Kang tansah ngeridu
Gawe kangen roso atiku
Loro nelongso
Roso kebak ning jero dodo
Sepine uripku
Ora endhah tanpo sliramu
lirikcampursarinan.blogspot.com
Udane grimis wayah wengi
Soyo nambah kengene ati
Panglipurku mung nyawang poto
Koyo ngene rasane kangen bojo

Lirik Lagu Eling Eling Banyumasan

Eling Eling Banyumasan
(bowo pangkur banyumasan)
Group: Sangga Buana


(bowo)
“Raden Harya Werkudara, nyata lamun satriya jodipati…
Prakoso gagah gung luhur, godeg wok simbar jaja…
Yen ngendika gereng gereng pinda guntur
Dasar satriya prawira rama…..
Eling-eling kula eling gunungane senapati”
Eling eling sapa eling baliya
Eling eling sapa eling baliya maning,
( ya – ya – ya )
Jambe dawe disigar dadi selawe,rama..
Mung sawiji mung sawiji
Mung sawiji kang dadi pilihanku
Eling eling sapa eling baliya maning,
( ya – ya – ya )
Janur gunung sakulon banjar patoman,rama..
Kadingaren kadingaren
Kadingaren kang bagus gasik tekane
Eling-eling sapa eling baliya maning,
( ya – ya – ya )
Sayur pace lembayung pait rasane,rama..
Mangsa borong mangsa borong
Mangsa borong kulo nderek sak kersane
eling eling sapa eling baliya maning,
( ya – ya – ya )

Bendo ijo, doro ijo sakurungan, rama
Jo maido, jo maido
Jo maido nanggap sinden isih bodo
eling eling sapa eling baliya maning,
( ya – ya – ya )
lirikcampursarinan.blogspot.com

Jambe dawe disigar dadi selawe,rama
Mung sawiji mung sawiji
Mung sawiji kang dadi pilihanku

Lirik Lagu Wuyung

Wuyung
vokal : Sunyahni
ciptaan : Ismanto


Lorone loro ora koyo
wong kang nandang wuyung
Mangan ra doyan
Ra jenak dolan nang omah bingung
Mung kudu weruh
woting ati duh kangmas wong bagus
opo ora trenyuh
sawangen iki awakku sing kuru
Klopo mudho leganono
nggonku nandhang bronto
Witing pari dimen mari nggonku ngloro ati
Aduh nyowo
Duh duh kusumo
ora kroso opo pancen tego
Mbok mbalung janur
Paring usodo nggonku nandang wuyung
lirikcampursarinan.blogspot.com

reff :
Klopo mudho leganono
nggonku nandhang bronto
Witing pari dimen mari nggonku ngloro ati
Aduh nyowo
Duh duh kusumo
ora kroso opo pancen tego
Mbok mbalung janur
Paring usodo nggonku nandang wuyung

Lirik Lagu Alun-alun Nganjuk (versi original)

Alun-alun Nganjuk (versi original)
vokal: Novita &
Ciptaan: Ndaru Breng


pi:
Lungo tak anti-anti
Kapan nggonmu bali
Mecake endahing wengi
Kutho nganjuk iki
Suwelir angin wates
Nggugah kangene ati
Opo kowe ora ngerteni
Kowe tak kangeni
Ning alun-alun tak goleki
Terminal stasiun tak ubengi
Senajan setaun taK enteni
Tresnamu sing tak gondheli

pa:
Lali tenan tho dhek, nggonmu janji-janji
Disekseni lampu alun-alun iki
Lali tenan tho dhek, karo aku ini
Neng terminal stasiun nggonku nggoleki

reff :
pi:
Suwelir angin wates
Nggugah kangene ati
Opo kowe ora ngerteni
Kowe tak kangeni
Ning alun-alun tak goleki
Terminal stasiun tak ubengi
Senajan setaun taK enteni
Tresnamu sing tak gondheli

pa:
Lali tenan tho dhek, nggonmu janji-janji
Disekseni lampu alun-alun iki
Lali tenan tho dhek, karo aku ini
Neng terminal stasiun nggonku nggoleki
lirikcampursarinan.blogspot.com

pi:
Ning alun-alun tak goleki
Terminal stasiun tak ubengi
Senajan setaun taK enteni
Tresnamu sing tak gondheli

Lirik Lagu Leyeh Leyeh

Leyeh Leyeh
Vokal: Arum Khotifah WS


Kadhung dapuk pengangguran
Thengak thenguk ning emperan
Leyeh-leyeh penak tenan
Moto ngantuk ra karuan
Weteng kluruk keroncongan
Leyeh leyeh penak tenan
Mikir sesuk ra ketekan
Mikir mbesuk kejengkelan
Leyeh leyeh penak tenan
Ora njaluk ora keduman
Ora ngantuk jare karipan
Leyeh-leyeh penak tenan
Pengangguran,
Pengangguran alah penganggguran
Ora keduman gawean
Pengangguran,
Pengangguran alah penganggguran
Ora keduman gawean
Pengangguran,
Pengangguran penganggguran
Ngebak ngebaki jalanan
Leyeh-leyeh penak tenan
lirikcampursarinan.blogspot.com

kembali ke atas
reff 
kembali ke atas

Lirik Lagu Janda Baru

Janda Baru
Vokal : Dwi Ratna & Agung


Pa:
Deg-degan dik..dik…
Deg-degan dik..dik…
Deg-degan, jantungku deg-degan,
nalikane aku krungu kabare
ora nyono aku ora kecewo,
opo bener sliramu wes pisahan

Pi:
Tratapan mas..mas…
Tratapan mas..mas…
Tratapan, jantungku tratapan
ora ngiro kepanggih kalih sampeyan
Tak kiro sampenyan isih bujang
alah jebulane sampeyan dudo anyaran
lirikcampursarinan.blogspot.com

Pa:
Gethuk dik
Gethuke telo
Yen wis pethuk dik
Ayo gek ndang ngopo

Pi:
Tuku duku mas..
Neng kutho Semarang
Lagi ketemu
Lha kok wani pegang-pegang

Pa:
Sabtu dik..
Maleme minggu
Duh wong ayu
Ojo gawe gelo atiku

Pi:
Menyang Solo mas
Tuku selendang biru
ojo sembrono
Nadyan aku janda baru

Lirik Lagu Pokoke Melu

Pokoke Melu
Vokal : Yan Vellia & Didi Kempot


*)
Pi:
Pokoke melu, (melu sopo)
Yo melu kowe,
Pokoke melu melu, (melu ngopo)
Yo ngopo wae
Emoh ditinggal dewe
Aku pingin ngetotke
Emoh ning omah dewe
Pusing

**)
Pokoke melu, (melu ning endi)
Ning endi wae
Pokoke melu, (melu piye)
Yo piya piye
Dolan kok mangkat dewe
Lungo kok dewe dewe
Piye mbiyen janjine
Melu, pokoke melu
Melu..melu..melu..
lirikcampursarinan.blogspot.com

Pa:
Gek ndang adus dik adus kramas dik
Nganggo sampo opo nganggo sabun
Panas panas yo mbok ojo ngalamun
Ojo was was kowe ojo bingung
Gek ndang dandan dik gek ndang macak dik
Ayo takjak kowe ojo bingung
Panas panas yo mbok ojo ngalamun
Ngono wae kowe kok mutung

kembali ke Pi: *)
reff :
kembali ke Pi: **)

Pa:
Gek ndang adus dik adus kramas dik
Nganggo sampo opo nganggo sabun
Panas panas yo mbok ojo ngalamun
Ojo was was kowe ojo bingung
Gek ndang dandan dik gek ndang macak dik
Ayo takjak kowe ojo bingung
Panas panas yo mbok ojo ngalamun
Ngono wae kowe kok mutung

Lirik Lagu Ojo Selingkuh

Ojo Selingkuh
Vokal: Dhalang Poer & Iip
Cipt: Dhalang poer


pi:
Wiwit biyen mas, aku wis nate matur
Loro larane wanito yen diwayuh
Ning yo kene, tego tegone mring bojo
Kang mas mundut, niat arep rabi loro

pa:
Ngene lo jeng, murih genah karepku
Timbang slingkuh,harak luwik becik wayuh
Opo kuwe luweh seneng tak apusi
Aku njajan nanging kowe ora ngerti

pi:
Opo kuwat mas opo kuwat
Urip nandhang sujono

pa:
Pancen angel jeng
Pancen angel darbe ati kencono

pi:
Opo ono mas
Tuladhane coba wanita ngendi
lirikcampursarinan.blogspot.com

pa:
Kene kene jeng
Kene kenen lungguho tak saduki
Dyah sumbrodo garwa raden danan jaya
Katon ayu kumpul poro marune
Ora nisho nanging malah njogo wadi
Bebarengan lebur ing sih tresno suci

Lirik Lagu Gelang Kalung

Gelang Kalung
vokal : Ana


Gelang kalung sing tak tompo
Ngelingake jamane semono
Naliko biyen biyene
Tresno aku nganti sak lawase
Opo kuwe ra kelingan
Janji pengen urip bebarengan
Ben dino amung tak roso
Opo pancen sliramu ra kroso
Opo sliramu ra getun
lirikcampursarinan.blogspot.com
Mung rekoso urip ono nggunung
Bungah susah dilakoni
Yen rejeki ono sing maringi
Gelang kalung dadi saksi
Mugo sliramu ra bakal nyidrani
Wiwit ndunyo nganti akhir
Duh wong bagus sing tak pikir pikir

Lirik lagu Balen

Balen
Vokal: Manthous & Nurhana


Pa:
Jan jane dik, aku wis rindu
Wis rong taun lawase ora ketemu,
Eling-eling dik, jamane semono
Runtang runtung anane, ra ono liyo

Pi:
Jan jane mas, aku wis lali
Gelang alit bebasan kang mungguhing driji,
Nora gampang, tambani cuwaning ati
Ora semoyo mas, aku ra janji
lirikcampursarinan.blogspot.com

Pa:
Horotoyoh
Nganggo theklek kecemplung kalen,
Timbang golek dik,
Sing apik luwung balen

Pi:
Sabar Mas, mbok sabar ora kesusu
Yen kesusu, tundhone wis mesti kleru

Pa:
Estu dik wis dadi antebing kalbu
Tak belani, jiwo rogo tulusing ati

Pi:
Sabar bola-bali wis tak aturi
Yen kuciwo, njur getun tibane mburi

Lirik Lagu Blebes

Blebes
Vokal: Savitri & Tomi
Cipt: Tawi Sasmita


Pa:
Dik, sakjak’e kok ono perlu
Isih, esuk wis tangeke aku
Ning, tanganmu kok nggowo palu
Opo to, sing rusak dipanku

Pi:
Wis, kowe ra usah suloyo
Dek, bengi metu karo sopo
Neng, klambimu lipstike sopo
Yen dudu, bocah wadon liyo..

Pa:
Dek bengi aku ora neng endi-endi,
Malah aku njaluk tulung dikeroki,
Pirang-pirang dino ora mbok turuti,
Rasane gegerku koyo disunduki
lirikcampursarinan.blogspot.com

Pi:
Wong wadon ngendi sing bakal kuat ati,
Klumprak-klumpruk bendino makani tinggi,
Njolak-njaluk ning blanjane ora mesti,
Opo aku arep mbok pakani wedhi

Pi: Wis ndang nyingkir nyingkir nyingkir nyingkir
Pa: Emoh, Dik
Pi: Yen ngono aku ae sing nyingkir nyingkir
Pa: Ojo dik, Aku masih cinta padamu
My Darling I Love You
Pi: Wis ndang nyingkir nyingkir nyingkir nyingkir
Pa: Emoh, Dik
Pi: Yen ngono aku ae sing nyingkir nyingkir
Pa: Ojo dik, Aku masih cinta padamu
My Darling I Love You

Lirik Lagu Bocah Gunung

Bocah Gunung
Vokal: Minul


Nadyan aku bocah gunung,
doh banget dunungku
Ora susah kathik nganggo bingung,
yen to pancen tresno aku
Pancen isih dadi lakon,
Ninggalke sliramu
Ra-orane yen bakal kelakon,
lirikcampursarinan.blogspot.com
Pepisahan karo aku
Mugo mugo ojo nganti,
Gawe gawe gawe gelo
Ngo dinongo tinebihno,
Mring rubedo…
yo mas yo mas yo mas
Opo kowe ra kelingan,
Dolan neng omahku
Ono latar podho lelungguhan,
Gegojegan karo aku

Lirik Lagu Denpasar – Arjosari

Denpasar – Arjosari
Vokal: Ratna Antika
Cipt: Supali


Tanggal 30 Oktober dek wingi
SMS mu isih ono HP iki
Tak simpen ono njero folder Pribadi
Trus tak woco saben awan saben bengi

Soko terminal arjosari (Arjosari)
Kowe pamit budhal neng Mbali
Emboh Denpasar embuh ngendi (Pasar Sapi)
Emboh Kecantol cowok australi

Nanging saiki kok ngajak bubar
Opo kowe kepincut cewek Denpasar
Keputusanmu bulat tekatmu
Mung pandunganku padhango dalanmu

Sing penting aku wes tau ngrasakke
Yen ngajak pisah aku mung manut wae
Joko dudo Denpasar akeh tunggale
Pilih Ketut, opo Wayan opo Made
lirikcampursarinan.blogspot.com

reff :
Ora prawan ora rondho
Aku ngerti kowe sopo
Ora joko ora dudo
Karo aku jane podho

Aku wes mbok wanti-wanti
Ojo nganti aku lali
Tapi engkau lupa diri
Cintaku kau bawa pergi

Timbang mikir kowe penak turu wae
Sopo ngerti aku ngimpi pethuk kowe
Njrone ngimpi terus kowe tak jak ngene
Yen ra gelem penak diplekotho wae

Lirik Lagu Yen Ing Tawang Ono Lintang

Yen Ing Tawang Ono Lintang
Vokal: Endah Laras
Cipt: Anjar Any


Yen ing tawang ono lintang, cah ayu
Aku ngenteni tekamu
Marang mego ing angkoso, nimas
Sun takokke pawartamu
Janji-janji aku eling, cah ayu
Sumedhot rasaning ati
Lintang-lintang ngiwi-iwi, nimas
Tresnaku sundhul wiyati
Dek semono, janjimu disekseni
Mega kartiko, kairing roso tresno asih
Yen ing tawang ono lintang, cah ayu
Rungokno tangising ati
Binarung swaraning ratri, nimas
Ngenteni mbulan ndadari
lirikcampursarinan.blogspot.com

reff :
Dek semono, janjimu disekseni
Mega kartiko, kairing roso tresno asih
Yen ing tawang ono lintang, cah ayu
Rungokno tangising ati
Binarung swaraning ratri, nimas
Ngenteni mbulan ndadari

Lirik Lagu Sambel Kemangi

Sambel Kemangi
Vokal : Diah Probo Rini
Produksi : Perdana Record


Enake jangan asem kecut
Sambele kemangi
Mangane bubar nyambut gawe
Nadyan lawuh tempe neng sehat awake
Segere ngombe banyu kendi
Rokok nglinting dewe
Nadyan mung manggon ono ndeso
Nyatane ayem tentrem kumpul sak keluwargo
Aku nrimo watone pokok seger waras
Kayaku lumpukno kanggo ngragati sawah
Ugo tuku bibit lan rabuk’e
Mangan sakbendinane sego sambel kemangi
lirikcampursarinan.blogspot.com

reff :
Enak opo wong urip ono ing alam dunyo
Yen wegah rekoso urip ora biso mulyo
Kudangane romo lan ibune
Sregepo nyambut gawe ojo lali gustine

Lirik Lagu Sengit

Sengit
Vokal: Manthous & Nurhana
Cipt: Ki Sukisno


Pi:
Bola-bali tak kandani yo mas yo
Bola-bali tak aturi yo mas yo
Kowe lungo awan bengi lali anak lali bojo
nuruti karepe ati

Pa:
Tak kandani wanti-wanti yo dik yo
Lungaku golek rejeki yo dik yo
Aku mulih duwite mesti
nJaluk opo tak turuti, kebutuhan tercukupi
lirikcampursarinan.blogspot.com

Reff:
Pi :
Sengit aku, sengit aku ala sengit aku
Kepingin marah padamu
Nanging kowe malah nesu
Sing nesu kudune aku,lha kok ra rumongso kleru

Pa:
Nganggo kathok beneke dedel yo dik yo
Wong wedok kakean rewel, kok mesti bawel

Pi:
Aku gemang mas,
Wong lanang mbok ojo seneng ngumbar wiring

Pa:
Jaran kepang ala jaran kore yo dik yo
Wong lanang menangan dewe, iku jamane

Pi:
Ela elo mas,
Jo ngono, jo ngono yen tak tinggal cotho

Pa:
ha nggolek meneh

Lirik Lagu Mawar Biru

Mawar Biru
Vokal : Nurhana
Ciptaan : Margono


Tumetesing waspaku
Ora tego rasaning atiku
Ninggalake sliramu
Priyo idamanku
Tansah katon esemmu
Ngawe-awe rasaning atiku
Ngelingake
Naliko bareng mlaku-mlaku
lirikcampursarinan.blogspot.com

Ora nyono ora ngiro,yen ngene dadine
Aku kudu melu,
Ndherek’ake romo lan ibuku
Mulih nEng ndesaku
Wekasanmu welingku
Aku titip kembang mawar biru
Openono minongko
Tondho katresnanku

Lirik Lagu Calon Bojo

Calon Bojo
Vokal: Sonny Josz


Dhik wis seminggu aku ora ketemu
Ati kangen rindhu karo sliramu
Kelingan ngguyumu kelingan swaramu
Mumet sirahku yen ora ketemu
Dhik wis seminggu awak rasane lesu
Mikir sliramu awak nganti kuru
Yen ora percoyo bukak’en dhodhoku
Mung kowe siji dadi calon bojoku
Tuku tahu
Neng pasar Minggu
Jarene tresnamu
cuma kanggo aku
(ah moso iyo)
Mlaku-mlaku neng pasar baru
Yen kelingan sliramu ora biso turu
Rino wengi atiku ora karuan
Opo bener kowe seneng karo aku
lirikcampursarinan.blogspot.com

Reff :
Dhik wis seminggu aku ora ketemu
Ati kangen rindhu karo sliramu
Kelingan ngguyumu kelingan swaramu
Mumet sirahku yen ora ketemu
Tuku tahu
Neng pasar Minggu
Jarene tresnamu
cuma kanggo aku
(ah moso iyo)
Mlaku-mlaku neng pasar baru
Yen kelingan sliramu ora biso turu
Rino wengi atiku ora karuan
Opo bener kowe seneng karo aku
Rino wengi atiku ora karuan
Opo bener kowe seneng karo aku

Lirik Lagu Ojo Gawe Gawe

Ojo Gawe Gawe
Vokal : Manthous & Minul
Ciptaan : Manthous


Pi:
Bola bali dikandani
Bolak bali wis diaturi
Mas kok ora digape
Jare ngene, kok malah ngono
Jare ngono, lha kok malah ngene
Mas priye karepe?
Aku ngulon, sampeyan ngetan
Nduwe bojo koyo jethungan
Mas ora karuan
Mbiyen piye saiki kepiye
Sampeyan wis ngerti dewe
Mas ojo gawe-gawe

Pa:
Saben bengi ditinggal lungo
Saben bengi ditinggal lungo
Aduh dek aku dewe’an
Tuku wijen dipangan semut
Turu ijen dirubung lemut
Adu dek sopo-sopo sing tahan

Pi:
Bola bali wis dikandani
bola bali jare wis ngerti
Aduh mas jarene ngerti
Cianjur di Sukabumi
Terlanjur jadi penyanyi
Aduh mas jadi penyanyi
lirikcampursarinan.blogspot.com

Pi:
Ayo-ayo bebarengan lan ora perlu sujanan
Mas opo gunane
Sing penting podo ngertine ngelingi kuwajibane
Ben tentrem rumah tanggane

Lirik Lagu Caping Gunung

Caping Gunung
Vokal: Nurhana
Ciptaan: Gesang


Dhek jaman berjuang, njur kelingan anak lanang
Biyen tak openi, ning saiki ono ngendi..
Jarene wis menang, keturutan sing digadang
Biyen ninggal janji, ning saiki opo lali
Neng nggunung, tak cadhongi sego jagung
Yen mendhung, tak silihi caping nggunung
Sukur biso nyawang, gunung ndeso dadi rejo
Bene ora ilang, nggone podho loro lopo

Lirik Lagu Cidro

Cidro
Vokal : Didi Kempot


Wis sak mestine ati iki nelongso
Wong sing tak tresnani mblenjani janji
Opo ora eling naliko semono
Kebak kembang wangi jroning dhodo
Duh piye maneh iki pancen nasibku
Kudu nandang loro koyo mengkene
Remuk ati iki yen eling janjine
Ora ngiro jebul lamis wae
Gek opo salah awakku iki
Kowe nganti tego mblenjani janji
Opo mergo kahanan uripku iki
Mlarat bondho seje karo uripmu
lirikcampursarinan.blogspot.com
Aku nelongso
mergo kebacut tresno
Ora ngiro
Saiki ne cidro

reff:

Aku nelongso
mergo kebacut tresno
Ora ngiro saiki ne cidro
Ora ngiro saiki kowe cidro

Lirik Lagu Cinta Tak Terpisahkan

Cinta Tak Terpisahkan
Vokal : Cak Diqin & Safitri
Ciptaan : Cak Diqin


pa:
Duh Denok gandulani ati
Tegane nyulayani
Janjimu sehidup semati
Amung ono ing lati
Rasa sayangmu sudah pergi
Tak menghiraukan aku lagi
Duh Denok gandOlani ati
Tegane nyulayani
lirikcampursarinan.blogspot.com

pi:
Duh kangmas jane aku tresno
Lilakno aku lungo
Ati ra kuat nandang roso
Roso keronto-ronto
Cintamu sudah nggak beneran
Aku cuma buat mainan
Duh kangmas jane aku tresno
Lilakno aku lungo

pa:
Tresno iki dudu mung dolanan
Kabeh mau amergo kahanan
Sing tak jaluk among kesabaran
Mugi Allah paring kasembadan

pi:
Mung ngedem atiku, ben aku ra mlayu
Dan tanggung jawabmu, iku palsu

pa:
Denok aku cinta beneran
Pastikan ku buktikan
Bapak ibuku akan datang
Melamar dikau saying

pi:
Hatiku selalu mendoakan
Semoga Tuhan mengabulkan

pa & pi:
Cinta kita tak terpisahkan
Walau di akhir jaman

pa & pi:
Cinta kita tak terpisahkan
Walau di akhir jaman
Cinta kita tak terpisahkan
Walau di akhir jaman

Lirik Lagu Pacobaning Urip

Pacobaning Urip
vokal : Novita
Ciptaan : Ndaru Breng


Kok koyo ngene abot sanggane
Yen lagi dadi wong ora nduwe
Tak rewangi bendino nyambut gawe rekoso
Nanging kayane ra sepiro
Tansah nelongso rasane atiku
Yen aku kelingan marang sliramu
Wis semono suwene anggonku mikir kowe
Tansah agawe bingung atiku
lirikcampursarinan.blogspot.com
Rino klawan wengi aku tansah memuji
Memuji marang kersane gusti
Mugo kang kuwoso enggal maringi margo
Kowe lan aku biso urip mulyo

 
ezon7. Powered by Blogger.