Cari Lirik Lagu / Search Lyrics

Cari Lirik Berdasarkan Abjad / Search Alphabetically

A B C D E G H I J K L M N O P R S T U W Y
Showing posts with label T. Show all posts
Showing posts with label T. Show all posts

Lirik Lagu Tresno Ginowo Mati

Tresno Ginowo Mati
Aksara Jawa / Javanese Script: Tresno Ginowo Mati
Tresno Ginowo Mati Lyrics
Cipt: Whawin L / H. Golbond
Vokal: Lusiana Safara & Seger


Pi :
Yang kepiye karepmu
Ngomongo terus terang mring aku
Ojo gawe geloku ojo gawe loroku
Tresnoku siji marang awakmu

Yang percoyo o aku
Awakmu sing ono ning atiku
Yo mung siji awakmu siji roso tresnoku
Ra ono liyo kejobo awakmu

Reff ;
Pa + Pi : Nadyan gunung api sing bakal mageri 
Pa : Senadyan ombak tsunami sing ngalangi
Pa + Pi : Nganti mati nyowo ilang tak belani 
Pa : Semono gede roso tresnaku iki 
Pa + Pi : Tresnoku ginowo mati

Reff :
kembali ke atas

Pa + Pi : Tresnoku ginowo mati
Pa + Pi : Tresnoku ginowo mati
Pa + Pi : Tresnoku ginowo mati

Lirik Lagu Tulung Pentung

Tulung Pentung
Aksara Jawa / Javanese Script: Tulung Pentung
Tulung Pentung Lyrics
Vokal: Lita & Brodin


Pi :
Wiwit biyen tak openi
Ning saiki ono ing endi
Mulo biyen ojo gampang janji
Ning saiki kok malah lali

Pa :
Janjimu tansah tak ugemi
Omonganmu ojo mblenjani
Ojo gawe loro ing ati
Janji iku kudu ditepati

Pi :
Ora weruh yen kowe ngapusi
Aku tiwas nunggu lan ngenteni
Tak rewangi mangan turu lali
Jebul kowe lali ing janji

Pa :
Kembang jagung yo nduk yo kuning rupane
Aku getun nolong slirane
Embong lurung ono ning gunung
Aku nolong malah kok pentung

Lirik Lagu Tresno Ora Pamrih

Tresno Ora Pamrih
Aksara Jawa / Javanese Script: Tresno Ora Pamrih
Tresno Ora Pamrih Lyrics
Vokal : Erni & Sodiq


Pi :
Aku ora butuh bandamu simpenen wae
Aku butuh tresnamu sing sak temene
Aku ora pingin duwitmu gawenen dewe
Aku pingin sliramu kang selawase

Ora mergo pangkatmu njur aku gawe-gawe
Mergo lahir batin mung kowe

Pa :
sayang sing tak sayang
Aku percoyo yen kowe tenanan
sayang sing tak sayang
Kang tak karepake mbok tompo opo anane
Manungso ono kurang luwihe wis lumrahe

Pi : Yen kabeh mau wis kodrate dadi jodone 
Pa + Pi : Gusti paring kamulyan aku lan kowe

Reff :
kembali ke atas

Pa + Pi : Gusti paring kamulyan aku lan kowe
Pa + Pi : Gusti paring kamulyan aku lan kowe

Lirik Lagu Tresnaku Owek Owek

Tresnaku Owek Owek
Aksara Jawa / Javanese Script: Tresnaku Owék Owék
Tresnaku Owek Owek Lyrics
Cipt: Maryono
Vokal: Iis Mawanti


Tresnaku (owek owek)
Tresnaku (mewek mewek)
Saiki kowe wis lali ro aku

Tresnaku (owek owek)
Tresnaku (mewek mewek)
Balio aku wis kadung rindu

Atiku ra karuan
Aku wis stres tenan
Nanging aku (ojo banjur edan)

Tresnaku (owek owek)
Tresnaku (kaya kuwek)
Balio kangmas tak tunggu tunggu

Reff :
Aduh aduh aku wis ra tahan
(Ora tahan)
Atimu kok yo pancen tego tenan

Pamit lungo suwene tahun tahunan
(Digondol setan]
Kok ra nggagas sing kene kelabakan

Lirik Lagu Tak Eling Eling

Tak Eling Eling
Aksara Jawa / Javanese Script: Tak Eling Eling
Tak Eling Eling Song Lyrics
Cipt: S. Dharmanto
Vokal: Manthous



Tak eling eling
Opo sliramu sing nate ketemu
Ing naliko iku
Candik ayu sumunar netramu

Sore kang edi amung esemu
Sing ora nguwati
Nadyan widodari
Kalah endah anyengsemke ati

Semar sabrang
Legog legog ning omah bingung
Jae wono sak upomo
Wiwit iku atiku poyang payingan
lirikcampursarinan.blogspot.com

Tak eling eling
Pancen sliramu sing mara marai
Mbesok kapan aku
biso nyanding lintang panjerino

Semar sabrang
Legog legog ning omah bingung
Jae wono sak upomo
Wiwit iku atiku poyang payingan

Tak eling eling
Pancen sliramu sing mara marai
Mbesok kapan aku
biso nyanding lintang panjerino

Lirik Lagu Trimo Ngalah

Trimo Ngalah
Aksara Jawa / Javanese Script: Trimo Ngalah
Trimo Ngalah Song Lyrics
Cipt: Didi Kempot
Vokal: Didi Kempot



Wis tibo isih kok tibani ondho
Wis loro isih digawe loro
Roso ati iki tansah dilarani
Nganti kapan aku ora ngerti

Wis ngalah malah mung digawe susah
Uwis pasrah aku mung sarwo ngalah
Wong sing tak tresnani
Mung tansah nglarani ati iki
Nanging aku ora perduli
lirikcampursarinan.blogspot.com

Reff :
Bot abote aku seneng karo kowe
Nadyan loro nanging ora tak rasakke
Bot abote aku tresno karo kowe
Trimo ngalah tak enteni sak elinge

Wis tibo isih kok tibani ondho
Wis loro isih digawe loro
Roso ati iki tansah dilarani
Nganti kapan aku ora ngerti

Reff :
Bot abote aku seneng karo kowe
Nadyan loro nanging ora tak rasakke
Bot abote aku tresno karo kowe
Trimo ngalah tak enteni sak elinge

Wis ngalah malah mung digawe susah
Uwis pasrah aku mung sarwo ngalah

Lirik Lagu Tansah Kaimpi

Tansah Kaimpi


Mung sliramu siji sing tak tresnani
Mung sliramu siji sing tak sayangi
Ora biso luntur tresnaku marang sliramu
Jo sumelang yen mandeg samene

Nyenengi o sliramu
Lilakno katresnan kito
Tuwuh ngremboko selawase

Pasuryanmu tansah kaimpi
Yen sedino ora ketemu
Kayungyun atiku iki teko ngreridu

Aku tansah kepingin nyanding
Gandeng karo sliramu kasih
Aku ora kuat adoh marang sliramu

Lirik Lagu Tentang Aku Kau Dan Dia ( Aku Kowe Karo Wong Liyo )

Tentang Aku Kau Dan Dia 
( Aku Kowe Karo Wong Liyo )
Cipt: Dodhy Kangen
Vokal: Didi Kempot & Dini Aditama


Pa :
Tenane awakmu ngerti
Gedene roso tresnaku
Tentremno uripku iki
Soko ngimpi oloku

Kudune kowe ra lali
Gedene roso setyaku
SePiene kowe isih ono
Ono jroning atiku
lirikcampursarinan.blogspot.com


Reff :
Remuk rasane atiku
Ngerti kowe karo wong liyo
Nanging aku mung nerimo
Senajan atiku loro

Wis wis wis ora sah nangis
Ra sanggup nyawang mripatmu
Pilih aku dewe
Opo pilih liyane

Reff :
Tak tulise crito
Aku kowe karo wong liyo
Sing gawe ati iki loro

Cukup semene wae
Tresnaku karo kowe
Dadi pengeling eling jroning atiku, ooo

Pi :
Tak tulise crito
Aku kowe karo wong liyo
Sing gawe ati iki dadi loro

Cukup semene wae
Tresnaku karo kowe
Kanggo pengeling eling jroning uripku

Reff :
Pa :
Tak tulise crito
Aku kowe karo wong liyo
Sing gawe ati iki loro

Cukup semene wae
Tresnaku karo kowe
Dadi pengeling eling jroning atiku, ooo

Tak tulise crito
Aku kowe karo wong liyo
Sing gawe ati iki dadi loro

Cukup semene wae
Tresnaku karo kowe
Kanggo pengeling eling jroning uripku,ooo

Pi :
Tak tulise crito
Aku kowe karo wong liyo
Sing gawe ati iki dadi loro

Pa :
Cukup semene wae
Tresnaku karo kowe
Wis ra sah nangis
Cukup semene wae,ooo

Lirik Lagu Tangise Ati

Tangise Ati
Cipt: Didi Kempot
Vokal: Didi Kempot


Udan deres wayahe wis wengi
Njur kelingan lungamu dek wingi
Opo wis dadi gegarising pesthi
Kowe bakal cidro janji

Senajan uripku rekoso
Kabeh mau bakale tak tompo
Nuruti gedhang yuaning roso
Bebrayan urip klawan ndiko
lirikcampursarinan.blogspot.com

Reff :
Kowe lungo tanpo kabar nganti seprene
Laraning ati sing nyonggo aku dewe
Ora ngiro yen bakal ngene dadine
Wis wis yo wis yen ngono yo wis tak lilakake

Lirik Lagu Tak Tunggu Balimu

Tak Tunggu Balimu
Vokal: Vivi Rosalita & Brodin


Pa:
Nangiso sedino ping pitu,
Yen kuwi keputusanmu..
Aku ora bakal nggandholi,
Lungamu ninggalke aku..
Aku wis lilo yen sliramu lungo,
Senajan dhodho ngempet ing loro..
Aku ra kuwoso menging sliramu,
Sing tak jaluk jujur atimu..
Mugo sliramu ra cidro,
Senajan adoh ing kono..
Sliramu tansah gumantil,
Ono ing mripat lan dhodho,
Budhalo tak tunggu balimu
lirikcampursarinan.blogspot.com

Pi:
Maafkanlah wahai sayangku,
Terpaksa meninggalkanmu..
Aku tak membenci dirimu,
Dan melepaskan cintamu..
Kau tahu diriku ku tahu dirimu,
Kita sudah tak sendiri lagi..
Kuharap dirimu mengerti diriku,
Tak mungkin kita terus begini..
Anggap saja semua itu ,
Sebagai mimpi tidurmu..
Lupakanlah masa lalu,
Dari semua kenanganmu,
Yang lalu biarlah berlalu..

Pa:
Opo wis tego sliramu,
Misahke roso tresnaku..
Opo penggodhane tresno,
Aku kudu sabar nerimo..

Pi:
Serahkan saja pada yang diatas sana..

reff:
Pa:
Maafkanlah wahai sayangku,
Terpaksa meninggalkanmu..
Aku tak membenci dirimu,
Dan melepaskan cintamu
Kau tahu diriku ku tahu dirimu,
Kita sudah tak sendiri lagi
Kuharap dirimu mengerti diriku,
Tak mungkin kita terus begini..
Anggap saja semua itu ,
Sebagai mimpi tidurmu..
Lupakanlah masa lalu,
Dari semua kenanganmu,
Yang lalu biarlah berlalu..

Pa:
Opo wis tego sliramu,
Misahke roso tresnaku..
Opo penggodhane tresno,
Aku kudu sabar nerimo..

Pi:
Serahkan saja pada yang diatas sana..

reff:
Pa:
Nangiso sedino ping pitu,
Yen kuwi keputusanmu
Aku ora bakal nggandholi,
Lungamu ninggalke aku
Aku wis lilo yen sliramu lungo,
Senajan dhodho ngempet ing loro
Aku ra kuwoso menging sliramu,
Sing tak jaluk jujur atimu..
Mugo sliramu ra cidro,
Senajan adoh ing kono
Sliramu tansah gumantil,
Ono ing mripat lan dhodho,
Budhalo tak tunggu balimu

Lirik Lagu Turu Nang Dadane

Turu Nang Dadane
Vokal : Yuli Astuti
Ciptaan : Hawadin


Kepengin turu nang dadane
Kepengin sun ngelus rambute
Cagerno duh klendhi rasane
Keloron dadi lan nyatane
Sun angen raino lan bengi
Sing leren ulie sun mimpi
Gregeten dung terus gedigi
Keloron semanding ring mimpi
lirikcampursarinan.blogspot.com

reff :
Masio ulan ring nduwuran
Bisane mung ulie nyawang
Masio mung kembyange byantal
Ketimbang nono babar pisan
Kadhung wis teko lan jodone
Kelakon turu nang dadane

Lirik Lagu Taman Jurug

Taman Jurug
Vokal : Nurhana
Ciptaan : Anjarany


Ning kutho Solo, tuwo lan mudo
Nyang taman Jurug in pinggir bengawan Solo
Mudo lan mudi, awan lan bengi
Do suko-suko nanging ojo ngiket janji

Cahyaning bulan nrajang pucuking cemoro
Angin kang teko sasat nggowo gending tresno
Banyu Bengawan sinorot cahyaning bulan
Lir sewu dian alerap nggugah kenangan
lirikcampursarinan.blogspot.com

Ngersakne nopo, mung sarwo ono
Ning Taman Jurug taman endah kutho Solo
Papan kreasi, mudo lan mudi
Sing tuwo-tuwo welinge ojo nganti keri

Lirik Lagu Tanjung Mas Ninggal Janji

Tanjung Mas Ninggal Janji 
Vokal : Didi Kempot


Bebasan koyo ngenteni
Udane mongso ketigo
Senajan mung sedelo ora dadi ngopo
Penting biso ngademke ati
ouow wo

Semono ugo rasaning atiku
Mung tansah nunggu tekamu
Ra kroso setaun kowe ninggal aku
Kangen.. kangening atiku

reff :
Aku sih kelingan
Naliko ing pelabuhan
Kowe janji lungo ra ono sewulan
Nanging saiki wis luwih ing janji
Nyatane kowe ora bali-bali

Neng pelabuhan Tanjung Mas kene
Mbiyen aku ngeterke kowe
Neng pelabuhan Semarang kene
Aku tansah ngenteni kowe
lirikcampursarinan.blogspot.com

Semono ugo rasaning atiku
Mung tansah nunggu tekamu
Ra kroso setahun kowe ninggal aku
Kangen kangening atiku

Lirik Lagu Terlena

Terlena


Tansah kagawa jroning atiku
Setya tresnamu
Lilo legawa kabeh tresnaku
Oh mring sliramu
Terlena kuterlena

Tansah kelingan tan bisa lali
Setya lan janji
Lintang rembulan kang dadi seksi
Oh anyekseni
Terlena oh terlena

Nanging kabeh tandha tresna
Nora nate dadi rena
Malah sliramu gawe cidra 
Biyen jare kandha setya
Nora bakal gawe gela
Malah saiki sajak lelewa
Adhuh kangmas 
Gawe cuwa atiku

Nadyan kuciwa rasa atiku
Marang sliramu
Nora kuwawa pancen tresnaku
Amung sliramu

Terlena ku terlena
Terlena ku terlena

Lirik Lagu Tirtonadi

Tirtonadi
Didi Kempot


Nalikane ing Tirtonadi
Ngenteni tekane bis wayah wengi
Tanganmu tak kanthi
Kowe ngucap janji lungo mesthi bali

Rasane ngetung nganti lali
Wis pirang tahun anggonku ngenteni
Ngenteni sliramu neng kene tak tunggu
Nganti sak elingmu

Mongso rendeng wis nganti ketigo
Opo kowe ra kroso
Yen kowe isih seneng lan trisna
Kudune kowe kroso
lirikcampursarinan.blogspot.com


Wis suwe (3x) kangen sing tak rasakke
Rasane (3x) rasane koyo ngene
Neng kene (3x) aku ngenteni kowe
Aku kangen, kangenku mung kanggo kowe

Lirik Lagu Tresno Sudro

Lirik / Syair Lagu 
Tresno Sudro
Vokal: Lilin Herlina


Abote wong nandang tresno
Tak belani nganti tekan pati
Tresnaku mung kanggo siro
Kusumo bagus sing merak ati
Awan bengi ra biso lali
Tansah eling esemmu
Nganti kapan aku ra ngerti
Iso nyanding sliramu


*)
Abote dadi wong sudro
Tresno tulus ora dipercoyo
Wong tuwo ngumbar sujono
Tansah iro aku wong durjono
Pancen dalan sing tak liwati
Ngalor ngidul mung dengkul
Paribasan turu klesetan
Uripku tansah cedak pacoban
Wong bagus..2x tak enteni
Lilane wong tuwaku nerimo kowe
Sing sabar…2x yo tresnaku
Ing tembe mburi bakal dadi duwekmu
Duh gusti sing tak puji
Paringono dalan kanggo tresnaku

Lirik Lagu Tragedi Tali Kotang

Lirik / Syair Lagu 
Tragedi Tali Kotang
Vokal: Cak Diqin & Wiwid


Pria :
Dek biyen wis tak tuko'ke, wujud tali sak kotange
Saikine lha kok ilang sak slirane..
Lungo menyang endi, tanpo pamit ra ngabari
Opo lali kowe karo, aku iki..
Nadyan regane nem ewu, kuwi wujud katresnanku
Jare kowe melu aku, lha kok mlayu..
Opo kurang larang, pungkasane kowe ilang
Neng endi aku nggoleki, tali kutang..


Wanita :
Iki mas taline, tak kondurake
Mergo bapak ra ngeparengake,
Aku dijodohke, malah karo priyo seje
Wis cukup, mung semene wae..
Duh kangmas andum basuki, aku ora bakal lali
Yen Gusti ngeparengake, mesti bali


Pria :
Tali kotang iki, tak simpen tekane pati
Tali kotang saksi tresnaku kang suci

Lirik Lagu Tak Eling Eling

Tak Eling Eling


Tak eling eling apa sliramu sing nate ketemu
Ing nalika iku candhik ayu sumunar netramu
Sore kang edi amung esemu sing ora nguwati
Nadyan widadari kalah endah angsemke ati
liricampursarinan.blogspot.com

Semar sabrang legak legok neg omah bingung
Jae wana sak umpama wiwit iku atiku poyang payingan
Tak eling eling pancen sliramu sing marah marahi
Basuk kapan aku bisa nyandhing lintange panjerina

Lirik Lagu Teh Poci

Lirik / Syair Lagu
Teh Poci


Teh poci mas manis gulo jowo
Mampir mriki bakule mbak ayu
Kerso ngunjuk teh poci biso kagem jampi
Jampi wuyung sing lagi gandrung


E sajake mas ono sing dikarepke
Milih mriki nopo milik kae
Pripun mas pie yen arep naksir bloko wae
Akeh liyane malah milik bakule
Pripun badhe manut wae
 lirikcampursarinan.blogspot.com

Teh poci dik manis gulo jowo
Pados jampi malah nemu rondo
Rondo soko brang wetan duwite segudang
Ngajak dolan pados hiburan


E sajake ono sing dikarepke
Pingin disko opo karaqoke
E pripun, e piye yen kesel ayo bali wae
Mumpung isih sore penake diteruske
Pripun aku manut wae

 
ezon7. Powered by Blogger.