Cari Lirik Lagu / Search Lyrics

Cari Lirik Berdasarkan Abjad / Search Alphabetically

A B C D E G H I J K L M N O P R S T U W Y
Showing posts with label J. Show all posts
Showing posts with label J. Show all posts

Lirik Lagu Janji Cidro

Janji Cidro
Aksara Jawa / Javanese Script: Janji Cidro
Janji Cidro Lyrics
Cipt: Yudi & Andika Jaya
Vokal: Novita


Mas opo kowe ra eling
Marang janji Piasasti
Tresnamu iku sayangmu iku
Ora kaliyo kanggo aku

Wis suwe aku ngenteni
Kang bakal nyenengke ati
Tresnamu kuwi sayangmu kuwi
Jebul malah kanggo wong liyo

Cukup semene aku ngugemi
Roso tresno lan sayang iki
Cukup semene kowe nyidrani
Janji kang wus mbok tanam ing jeroning ati

Reff :
Naliko jaman semono
Susah seneng urip bareng
Kowe wis bedo uripmu mulyo
Kok banjur lali karo aku

Wis suwe aku ngenteni
Kang bakal nyenengke ati
Tresnamu kuwi sayangmu kuwi
Jebul malah kanggo wong liyo

Cukup semene aku ngugemi
Roso tresno lan sayang iki
Cukup semene kowe nyidrani
Janji kang wis mbok tanam ing jeroning ati

Lirik Lagu Janji Palsu

Janji Palsu
Aksara Jawa / Javanese Script: Janji Palsu
Janji Palsu Song Lyrics
Cipt: Didi Kempot
Vokal: Didi Kempot



Kuping iki durung sudo rungu
Isih krungu malah tekan atiku
Naliko kowe ngucapake
Tresnamu ning ngarepku

Ning nyatane kabeh kuwi palsu
Wis ra podho sing kok ucapke mring aku
Awakku nganti kuru
Amargo janjimu kabeh kuwi janji palsu

Yen kowe tresno ning opo nglarani aku
Yen kowe setyo ning opo ngapusi aku
Yen kowe seneng ning opo lali janjimu
Yen kowe temen ning opo ninggalke aku

Tak enteni ning kene ora teko
Lungo ninggal lali keluargo

Reff :
Ning nyatane kabeh kuwi palsu
Wis ra podho sing kok ucapke mring aku
Awakku nganti kuru
Amargo janjimu kabeh kuwi janji palsu

Yen kowe tresno ning opo nglarani aku
Yen kowe setyo ning opo ngapusi aku
Yen kowe seneng ning opo lali janjimu
Yen kowe temen ning opo ninggalkae aku

Ning nyatane lungo tekan seprene
Lungo ora ono kabare

Yen kowe tresno ning opo nglarani aku
Yen kowe setyo ning opo ngapusi aku
Yen kowe seneng ning opo lali janjimu
Yen kowe temen ning opo ninggalake aku

Ning nyatane lungo tekan seprene
Kowe lungo ninggal lali keluargo

Lirik Lagu Janji Ning Sedudo

Janji Ning Sedudo
Vokal: Erly Rahmawati


Wis semene lawase
Aku ngenteni kowe
Ning sedudo kene
Janji karo kowe
Suwene kok nganti seprene

Ora tak lalekke
Gelang sing tak gawe
Tondho tresno
Kanggo selawase

Sedudo dadi saksi
Kowe ngucapke janji
Tresno tulus suci
Jero dodo iki
Pepujanku kowe ono endi

Tresnoku sejati
Ono njero ati
Pepujanku
Kowe enggalo bali

Reff :
Keronto-ronto
Atiku keronto-ronto
Yen aku kelingan sedudo
Ati nelongso
Senajan kowe ra cidro
Mugo kowe enggal balio
lirikcampursarinan.blogspot.com

Tak enteni ning sedudo
Sedudo sing dadi saksi

Sedudo dadi saksi
Kowe ngucapke janji
Tresno tulus suci
Jero dodo iki
Pepujanku
kowe ono endi

Tresnoku sejati
Ono njero ati
Pepujanku
Kowe enggalo bali

Lirik Lagu Janji Ning Sedudo

Janji Ning Sedudo
Vokal: Erly Rahmawati


Wis semene lawase 
Aku ngenteni kowe
Ning sedudo kene 
Janji karo kowe
Suwene kok nganti seprene

Ora tak lalekke 
Gelang sing tak gawe
Tondho tresno 
Kanggo selawase

Sedudo dadi saksi 
Kowe ngucapke janji
Tresno tulus suci 
Jero dodo iki
Pepujanku kowe ono endi

Tresnoku sejati 
Ono njero ati
Pepujanku 
Kowe enggalo bali

Reff :
Keronto-ronto
Atiku keronto-ronto
Yen aku kelingan sedudo
Ati nelongso
Senajan kowe ra cidro
Mugo kowe enggal balio

Tak enteni ning sedudo
Sedudo sing dadi saksi

Sedudo dadi saksi
Kowe ngucapke janji
Tresno tulus suci
Jero dodo iki
Pepujanku
kowe ono endi

Tresnoku sejati
Ono njero ati
Pepujanku
Kowe enggalo bali

Lirik Lagu Jaket Iki

Jaket Iki (Prapatan Mastrip)
Cipt: Ndaru Breng
Vokal: Novita


Langit mendhung tumiyung
Mudun ngebis udan grimis
Esemu wis mapak ake aku
Mbok lepas jaketmu njur mlayoni aku
Kangen tak suntek ing rangkulanmu

Prapatan jalan mastrip saksi ketemuan iki
Nadyan tanpo ucap aku ngerti
Soroting mripatmu kebak kangen rindu
Gerimis soyo deres
Nganti podho ora ngerteni

Reff:
Nganggo jaketmu iki
Udan gerimis mbok payungi
Tondho katresnanmu
Sak tenane aku ngerti

Nganggo jaketmu iki
Udan gerimis mbok payungi
Mergo jaket iki
Tresnaku tan soyo gati

Prapatan jalan mastrip saksi ketemuan iki
Nadyan tanpo ucap aku ngerti
Soroting mripatmu kebak kangen rindu
Gerimis soyo deres
Nganti podho ora ngerteni
lirikcampursarinan.blogspot.com

Reff :
kembali ke atas..langit mendhung…

Gerimis soyo deres
Nganti podho ora ngerteni

Lirik Lagu Jambu Alas

Jambu Alas
Vokal: Didi Kempot & Nunung Alvi


Pa:
Kelingan manis eseme
Trus kelingan ramah gemuyune
Tresno lan kasih kasih sayange
Karep atiku klakon dadi bojone
Sayange wes duwe bojo
Nanging aku aku wes kadong tresno
Nelongso rasa neng ati
Yen aku ra klakon melu nduweni

Reff:
Jambu alas kulite ijo
Sing di gagas wes duwe bojo
Ada gula ada semut
Durung rondo ojo di rebut
lirikcampursarinan.blogspot.com

Pi:    
Sumpah neng batin 
Yen kulo tidak di kawin
Tekating ati ora bakal luru ganti
Sumpah wes janji arep sehidup semati
Seneng lan sedih 
Bareng bareng di lakoni

Pa:  
Jambu alas ndok manis rasane
Snajan tilas tak enteni rondone

Lirik Lagu Janda Baru

Janda Baru
Vokal : Dwi Ratna & Agung


Pa:
Deg-degan dik..dik…
Deg-degan dik..dik…
Deg-degan, jantungku deg-degan,
nalikane aku krungu kabare
ora nyono aku ora kecewo,
opo bener sliramu wes pisahan

Pi:
Tratapan mas..mas…
Tratapan mas..mas…
Tratapan, jantungku tratapan
ora ngiro kepanggih kalih sampeyan
Tak kiro sampenyan isih bujang
alah jebulane sampeyan dudo anyaran
lirikcampursarinan.blogspot.com

Pa:
Gethuk dik
Gethuke telo
Yen wis pethuk dik
Ayo gek ndang ngopo

Pi:
Tuku duku mas..
Neng kutho Semarang
Lagi ketemu
Lha kok wani pegang-pegang

Pa:
Sabtu dik..
Maleme minggu
Duh wong ayu
Ojo gawe gelo atiku

Pi:
Menyang Solo mas
Tuku selendang biru
ojo sembrono
Nadyan aku janda baru

Lirik Lagu Joko Mlarat

Joko Mlarat
Vokal: Sodiq


Wiwit buyen mulo aku rak wis kondho
Aku wong nisto tanpa bondho dunyo
Joko mlarat wong tuwomu pangkat
Aku rekoso uripmu wis mulyo
Iki wis wancine kowe di daupke
Karo prio bagus sing podho sugihe
Ora nyono lan ora nglegewo
Yen sliramu tego polo kromo
lirikcampursarinan.blogspot.com
Srengenge ngulon parane
Yen bengi rembulan jenenge
Koyo ngene rasane wong ora nduwe
Tresno tenan kok anggep sepele
Srengenge ngulon parane
Yen bengi rembulan jenenge
Isuk tempe sorene dadi dhele
Tresnamu mung abang abang lambe

Lirik Lagu Jae Wono

Jae Wono


Umpamane pancen wus ginaris
Amung bisa nyawang slagane kang anglam-lami
Tinemune jebul tansah anyenyongah ati
Eman-eman rasaku mung eman
lirikcampursari.blogspot.com

Jae jaene wana mung ngayang ngayang
Jae wana poyang payingan rasaku
Jae wana kaya kumledhang ragaku
Jae wana tansah angayang ayang

Lirik Lagu Jaka Lelur

Jaka Lelur


Awan-awan turu dengkur
Yen bengi kanggo kluyuran
Joko lelur bocah nganggur
Kang lagi nandang kasmaran

Awan-awan ngombe limun
Limune katutan semut
Awan bengi tansah ngalamun
Kelingan mbok rara mendhut

Apa kowe tega tenan
Nyawang aku kang kasmaran
Aku arep nyemplung sumur
Anane mung sumur kompan
lirikcampursarinan.blogspot.com

Aku wani mati tenan
Timbang urip kewirangan
Nanging aku isih wedi
Turu ijen neng kuburan

Jaka lelur kemul sarung
Ngalor ngidul ra karuan
Dasar bocah rada gemblung
Arep mati eling bancakan

Lirik Lagu Jenang Gula

Jenang Gula


Bawa Asmarandana:
Gegrane wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Yen gampang luwih gampang
Yen angel angel kalangkung
Tan kena tinumbas arta
lirikcampursarinan.blogspot.com

Langgam:
Jenang gula kowe aja lali marang aku iki ya kang mas
Nalikane nandang susah sapa sing ngancani
Dhek semana aku tetep tresna sereta tetep setya ya kangmas
Durung nate gawe gela lan gawe kuciwa

Ning saiki bareng mukti kowe kok njur malah lali marang aku
Sithik-sithik kowe nesu terus ngajak padu ja ngono aja ngono
Apa kowe pancen ora kelingan jamane dhek biyen ya kang mas
Kowe janji bungah susah padha dilakoni

Lirik Lagu Jandaku

Lirik / Syair Lagu
Jandaku


(merga pepisahan iki,
jawaban rasa kuciwa lamun gela sak jroning rasa,
pepisaan amarga kuciwa)


Amarga lara atiku ra sabar anggonku nunggu
Amarga lara atiku ra sabar anggonku nunggu
Tansah tak elingke sliramu ra kesusu ora enggal nesu
Tansah tak elingke sliramu ra kesusu ora enggal cemburu 
 lirikcampursarinan.blogspot.com


Anakku melu nyang aku
Mung tansah kangen sliramu
Tansah krasa ing atiku yen lagi takon sliramu
Najan benci sak jroning ati
Aja lali nyang putra kang siji
Welingku wahai jandaku pancen kabeh wis bacut ngene 2x
Aja banget anggonmu nelangsa mundhak atiku keranta-ranta

Lirik Lagu Jaranan

Lirik / Syair Lagu
Jaranan


Jaranan nganggo klambi abang
Wong wis tuwo katik nunggang papah gedhang
Aduh lae mbok yo golek dalan padang
Ngelingono uripmu podho klambrangan


Jaranan mangan beling wedi
Mlebu warung kathik pesen wedang kopi
Bakul ayu terus dicedhaki
Bareng mbayar reko reko dadi


Gibag gibig gibag gibig
Wong wis tuwo ojo nggidit
Gedag gedeg gedag gedeg
Bujang rondo natap gedeg


Jatilan si kromo leo
Wong wis tuwo isih koyo joko
Gandrung rondo sing denok deblong
Bareng ditulak sirahe puyeng
 lirikcampursarinan.blogspot.com

Tuku sewek batikan tuban
Wong wis tuwek isih keranjingan
Kasmaran atine bingung
Bocah dolan dithungi penthung


Ojo polah ojo obah
Disorak kathoke bedah
Jegat jegot jegat jegot
Jaran mbandang kolore pedot

 
ezon7. Powered by Blogger.