Cari Lirik Lagu / Search Lyrics

Cari Lirik Berdasarkan Abjad / Search Alphabetically

A B C D E G H I J K L M N O P R S T U W Y
Showing posts with label R. Show all posts
Showing posts with label R. Show all posts

Lirik Lagu Rondo Kwalat

Rondo Kwalat
Aksara Jawa / Javanese Script: Rondo Kwalat
Rondo Kwalat Lyrics
Vokal : Brodin



Nggawe lepet kok jarene kupat
Nggowo kawat kok jarene bendrat
Nduwe bojo kok jange dipegat
Ojo nemen anggonmu nekat

Jare rondo kok ra duwe surat
Nggolek surat kok ra nggowo pangkat
Ati sumpek kok jange kendat
Ngaku rondo kok ra duwe surat

Duwe bojo ojo sekarat
Urip iki ibarat mung liwat
Ojo mumpung urip ning jagad
Elingono sekso akherat

Rondo kuwalat rondo kuwalat
Rondo kuwalat pancene rondo sing nekat

Lirik Lagu Runtik Ing Ati

Runtik Ing Ati
Aksara Jawa / Javanese Script: Runtik Ing Ati
Runtik Ing Ati Lyrics
Vokal : Erni


Yen aku mirengaken caping gunung
Atiku tansah nelongso
Naliko maju perang ing jaman jepang
Sliramu paring usodo

Mung welingku yen merdeko
Ayo mampir omahku ning deso
Nganti jaman saiki kang wus tentrem
Siro kangmas tak goleki

Soko sragen nganti teko boyolali
Sliro kangmas ono ngendi
Yen wus sedo pusarane
Arep tak babut wangi kembang mlati

Ngitungi jaman ing parangtritis
Kanggo nglibur ati
Mung sliramu tansah kumantil
Ono ing netraku

Bebasan Piiyo sewu
Ora biso ngganteni siro wong bagus
Runtik ing ati koyo ngenteni
Godong garing sing mati dung Piiyak

Lirik Lagu Romo Ono Maling

Romo Ono Maling
Aksara Jawa / Javanese Script: Romo Ono Maling
Romo Ono Maling Lyrics
Cipt: Titiek Puspa
Vokal: Mul Mulyadi


(Romo, romo, romo ono maling)
(Romo, romo, romo ono maling)

Mo mo mo mo romo, ono maling
Tulungono anakmu sing kemalingan
Mo mo mo mo romo, ono maling
Yen aku edan, opo romo ra kelangan

Mo mo mo mo romo, ono maling
Telak telik atiku ora karuan
Mo mo mo mo romo, ono maling
Ndang cekelen, gawenen rene jo dilawan

(Romo, romo, romo ono maling)
(Romo, romo, romo ono maling)

Nyekel maling, pantese yo digebuki 
Aduh romo luwih becik aku mati
E e tole malinge opo digeres
Toblas romo malinge niku ayune setengah mati

(Sing digondol nopo)
Niki sing gemandul niki
(Gemandul sing endi)
Niki sing teng njero niki
(Jero sing endi)
Niki lho sing teng njero dodo
Ati kulo digowo lungo

(Ngono yo ngono)
Ngona ngono ning ojo ngono
(Ngono yo ngono)
Ngona ngono ning ojo ngono

(Romo, romo, romo ono maling)
(Romo, romo, romo ono maling)

Lirik Lagu Rek Ayo Rek

Rek Ayo Rek
Aksara Jawa / Javanese Script: Rék Ayo Rék
Rek Ayo Rek Lyrics
Cipt: Is Haryanto
Vokal: Mul Mulyadi


Rek ayo rek mlaku-mlaku nang tunjungan (Ayo ngan)
Rek ayo rek rame-rame bebarengan (Ayo ngan)
Cak ayo cak sopo gelem melu aku
Cak ayo cak golek kenalan cah ayu

Ngalor ngidul liwat toko ngumbah moto
Masiyo mung nyenggal nyenggol ati lego
Sopo ngerti nasib awak lagi mujur
Kenal anake sing dodol rujak cingur

Jo dipikir koen podo gak duwe sangu (Ayo ngu)
Jo dipikir angger podo gelem mlaku (Ayo ku)
Mangan tahu jo dicampur nganggo timun (mun mun)
Malem minggu gak apik digowo nglamun

Reff :

Lan sopo ngerti nasib awak lagi mujur
Kenal anake sing dodol rujak cingur

Jo dipikir koen podo gak duwe sangu (Ayo ngu)
Jo dipikir angger podo gelem mlaku (Ayo ku)
Mangan tahu jo dicampur nganggo timun (mun mun)
Malem minggu gak apik digowo nglamun

Lirik Lagu Rondo Gunung

Rondo Gunung
Aksara Jawa / Javanese Script: Rondo Gunung
Rondo Gunung Song Lyrics
Cipt: Harsono
Vokal: Cak Dikin & Endah



Pi :
Asem kecut gulo legi
Gulo klopo mas opo gulo batu
Ampun mbacut kulo kandani
Kulo rondo anake telu

Pa :
Pilih ketan opo tape
Podo-podo dik enak rasane
Rabi Piawan abot sanggane
Yen rabi rondo tulus tresnane

Pi :
Kembang mawar mekroke telu yo mas yo
Entuk anyar kowe banjur lali karo aku

Pa :
Semarang kaline gawe yo dik yo
Jo sumelang tresnaku yo mung slirane

Pi :
Abang-abang ora legi yo mas yo
Ngomong sayang ngomong sayang mengko gek ngapusi

Pa :
Suroboyo banyuwangi yo dik yo
Ora liyo sliramu sing tak tresnani

Pi :
Nopo kangmas ora getun
Kulo rondo mas lare saking ndusun

Pa :
Ora gelo ora getun
Nadyan rondo iku kang tak suwun

Lirik Lagu Roman Ndeso

Roman Ndeso
Roman Ndeso Song Lyrics
Cipt: DR.Ganang
Vokal: cak dikin-wiwid


Pa :
E yen ditamatke
Soko ngarep soko mburi biasa wae
Nanging nyatane
Embuh kepiye rasaku kesedot wae

Pi :
E jebulane
Lha kok podho roso kuwi yo tak alami
Mboh soko ngendi
Ngerti ngerti sliramu nyanthol ning ati

Pi :
E adik sing tenane
Ndak kiro kang sliro ora tau nggape
Dek wingi kuwi contone
Mangsaku ngganteng sliramu kok cuek wae
lirikcampursarinan.blogspot.com

Pi :
Duh kangmas sopo kondho
Numpak mobil ben tikungan nyenggol dhodho
Senadyan roman ndeso
Dasarku seneng dadi ora opo opo

Pa + Pi :
O pancen tresno
Tekane ora biso dinyono nyono
Ra nom ra tuwo
Biso wae ngalami tresno roman ndeso

Lirik Lagu Rambut Poni

Rambut Poni
Vokal: Dendang Ersyando


Koyo benang ruwet tanpo udar
Bebasan bumi langit lan siang
Katon rembulane kang keno cinondro
Lelakone wong kang gandrung tresno

Dudu bandane dudu rupane
Rambut ponine kang nyengsemake
Aku nyawang mesti atiku kebimbang
Sampek mati aku pengen kok sayang

Kembang melati nok nduwur gunung
Greteke ati gak keno dibendung
Ono ulo turune melungker
Opo sliramu durung rumongsso bener

Abote wong tresno ora muno
Opo jroning atimu durung kroso
Pancen aku koyo uwong sudro
Tapi tresnaku koyo dewi sinto

Abote wong tresno ora muno
Opo jroning atimu durung kroso
Pancen aku koyo uwong sudro
Tapi tresnaku koyo dewi sinto

Dudu bandane dudu rupane
Rambut ponine kang nyengsemake
Aku nyawang mesti atiku kebimbang
Sampek mati aku pengen kok sayang

Lirik Lagu Rondo Ping Limo

Rondo Ping Limo
Vokal : Dwi R. & Agung


Pi :
Mas mangkel atiku
Sliramu kok ngapusi aku
Kandane ndisik jare joko
Bojone wis roto sak kutho
Malah aku sing nomer limo

Pa :
Dik seje cerito
Mulo aku ora kondo
Kowe ngaku yo durung kromo
Nyatane sampun dados rondo
Malah kowe rondo ping limo
lirikcampursarinan.blogspot.com

Mampir pasar wonokromo
Nek dipikir pancen ora bedo
Bab kowe karo diriku

Pi :
Nanging aku isik sendirian
Kowe tetep nduwe sisihan
Banjur kapan wayahku nompo giliran

Pa :
Mampir pasar wonokromo
Nek dipikir pancen ora bedo
Bab kowe karo diriku

Pi :
Nanging aku isik sendirian
Kowe tetep nduwe sisihan
Banjur kapan wayahku nompo giliran

Mas mangkel atiku
Sliramu kok ngapusi aku
Kandane ndisik jare joko
Bojone wis roto sak kutho
Malah aku sing nomer limo

Pa :
Mampir pasar wonokromo
Nek dipikir pancen ora bedo
Bab kowe karo diriku

Pi :
Nanging aku isik sendirian
Kowe tetep nduwe sisihan
Banjur kapan wayahku nompo giliran

Pa :
Mampir pasar wonokromo
Nek dipikir pancen ora bedo
Bab kowe karo diriku

Pi :
Nanging aku isik sendirian
Kowe tetep nduwe sisihan
Banjur kapan wayahku nompo giliran

Pi : Mas mangkel atiku 
Pa : Podo yo karo atiku

Pa + Pi:
Mugo dadi mimi lan mintuno
Ora bakal nemu perkoro
Masio dadi sing nomer limo

Mugo dadi mimi lan mintuno
Ora bakal nemu perkoro
Masio karo rondo ping limo

Lirik Lagu Reformasi

Reformasi


He reformasi he silih berganti he ojo ojo lali niat
Kang suci kabeh rakyate bisa madhangi
He reformasi he penuh tragedi he tak kandhani 
Kudu eling lan waspada caket mring Gusti

Mas mas mas ojo lali mas
He sayuk sing rukun
Mas mas mas ojo suloyo rebut bener tundhone dadi keblinger
Mas mas mas reformasi tulus lan sici adil makmur sak negari

Reformasi

Jamane reformasi kabare kana kene demonstrasi
Bumine kaya digoncang adhuh kang ngalor ngidul kebingungan
Bebasan maju perang pindhahe magut ing tengah palagan
Berjuang mati matian amrih makmur murah sandhang pangan

Jamane reformasi aja salah aja lali sing ngati ati
Yen kowe ora ngerti takokna karo sing ngerti apa ta reformasi
Jamane perubahan kabeh sarwa nganggo aturan
Aja sembarangan aja gampang kesurupan 
karo pakartine setan mengko mundhak salah jalan
lirikcampursarinan.blogspot.com

sayuk rukun sak pungkure pamrihe ayem tentrem
kawulane mugi Gusti hamarengke Indonesia jaya sak lawase

Lirik Lagu Resepsi

Lirik Lagu / Syair
Resepsi


Yen pinuju angrawuhi ing malam resepsi
Kakung putri ngagem busana kang edi peni
Para putri sami lenggah jejer katon rapi
Yen sinawang nganti koyo kontes widodari
 lirikcampursarinan.blogspot.com


Para priya lenggahe rada rada adoh sawetara
Uthak-uthik lirak lirik mesam-mesem
Ngguya-ngguyu sajak arep mundhut lagu
Sinten niku lenggah pojok ndelik ana mburi
Menga-mengo sajake ana sing diwedeni

Lirik Lagu Randha Kempling


Lirik / Syair Lagu
Randha Kempling


Ndak pundi mbak ayu badhe tindak pundi
Dingaren tindak wae ora numpak taksi
Dewekan opo ora wedi
Timbang nganggur kula gelem ngancani


Kleresan mas alias kebetulan
Blanjane kathah rada kabotan
Yen purun enggal-enggal ngrencangi
Tekan ngomah mangke kula opahi


E e tobil wong legan golek momongan
Niki blonjo napa mbakyu badhe pindahan
 lirikcampursarinan.blogspot.com

Ampun gela mas sampeyan ampun kuciwa
Kula randha anyaran ditinggal lunga


Awan awan lunga blanja neng pasar pahing
Prawan randha bagiku ora pati penting


Neng Semarang mas tuku gelang opo anting-anting
Jo sumelang ya ben randha dijamin kempling

 
ezon7. Powered by Blogger.